Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 59
140–141 dari 323
1.398–1.407 dari 3.223
31. Durma
31.001 asmu duka Sri Naranata Mêngkurat | têdhak mring Srimanganti | wadya jro sumahab | saastra sikêpira | Priyantaka lan Saragni | aglar ing ngarsa | Pinilih anambungi ||
31.002 sisih samya Pinilih para mantrinya | lan Panèkêtirèki | angayap ing nata | anyaosi ampilan | wong Jagasura nambungi | lan wong Jantaka | sikêp ganjur marapit ||
31.003 Maodara Miyăngga myang Anirbaya | nèngarsa sikêp karbin | sisihira samya [[f. 125r]] | padha ngong[1] Anirbaya |[2] wong Brajanala nambungi | lan Wirabraja | wau kang anisihi ||
31.004 Kartiyasa asisih wong Wisamarta | tulup pasikêpnèki | myang wong Patrayuda | asisih wong Kanoman | Jagabaya kang nisihi | wong Sangkragnyana | Mandhung Nutra nisihi ||
31.005 sikêp panah asisih Wisapracăndha | samya samaptèng jurit | wong Singanagara | aglar ing ngarsa nata | wong Martalulut nisihi | myang Darpahita | Patranala myang Miji ||
31.006 wong Anggandhèk Mantri Anom anèngarsa | Katanggung anisihi | Carik Suranata | Pratiwa Jro nèng ngarsa | jrih mulat runtikira ji | yèn tan pêjaha | Sukrarsa anindaki ||
31.007 samya marêk sakèhing Pratiwa Jaba | myang Nayaka pasisir | lèn măncanagara | Adipati Madura | lan Dipati Surawèsthi | wadya nèng jaba | ngalun-alun abaris ||
31.008 angandika sang nata hèh Sumabrata | apa wartaning jawi | Si Arya Sindurja | Sumabrata tur sêmbah | abdi dalêm supèng gusti | ngrakit gêgaman | datan mulat ing dasih ||
31.009 saking sangêtrêsnanipun[3] asêsuta | mila supe andasih | tansah anèng pangkyan | wadya baris malatar | sang nata duka sinipi | asru ngandika | kêbutêna kang baris ||
31.010 Ki Tumênggung Sumabrata tur pranata [[f. 125v]] | ari paduka aji | Radèn Ayu Pucang | apênêd tinimbalan | rumiyin dhatêng ing puri | nata ngandika | Wilaja Suwănda glis ||
140–141 dari 323

 


wong. (kembali)
Bandingkan: sisih sami Nirbaya (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.3.4). (kembali)
sangêt trêsnanipun. (kembali)