Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 59
143–144 dari 323
1.424–1.433 dari 3.223
31.027 yèn anaa pangajanira Dyan Sukra | samyarsa ngamuk wani | Janu lan Rosansah | koprale andêling prang | tan ana sinungan mijil | dening rahadyan | muwêr ing jro mirangti ||
31.028 Adipati Urawan kewran ing driya | arsa ginêcak wani | kang para pratiwa | sadaya tan arêmbag | Gandhèk prapta wanti-wanti | saking jro pura | nginggalakên patining ||
31.029 Sukra Adipati Urawan kèmêngan | arsa kinasap wani | Bugisira Sukra | pasthi ngamuk sadaya | agawe rusaking cili | pasthi kèh pêjah | ingamuk ing wong Bugis ||
31.030 kang abaris [[f. 127r]: a...baris] êlor Adipati Dêmak | lawan wong Surawèsthi | wong Madura wetan | kidul wong Kartasura | kang baris ing lor mrêpêki | angrangsang bata | nulya sinipat bêdhil ||
31.031 kang lèr mundur kang baris wetan angrangsang | bubar sinipat bêdhil | sigra ingundhangan | aja na ngrangsang bata | pan arsa ingipuk aris | rêmbag sadaya | sagung para bupati ||
31.032 ya ta ana santana ing Kasindurjan | lunggyèng Mantri Panumping | ran Ki Măndaraka | santana naking-sanak | lawan Sindurja Apatih | matur Ngurawan | arsa ambujuk aris ||
31.033 wus ingidèn Angabèi Măndaraka | angrujad tinggal kêris | mènèk pagêr bata | sapraptaning dhuhuran | malorod dipun uluri | prapta ingandhap[1] | kagyat ingkang ningali ||
31.034 Radèn Sukra alênggah mangku talêmpak | ingayap wadya Bugis | kagèt duk tumingal | wau dhatêng kang paman | Măndaraka mara nangis | dhuh sutaningwang | kadyaparan sirèki ||
31.035 tan angeman maring ibu ramanira | wakira anèng jawi | Dipati Urawan | kadhawuhan timbalan | yèn sirarsa nêmu bêcik | ngaturna tobat | ingapura sang aji ||
31.036 angaturna tobat maring uwakira | sakèhing wadya Bugis [[f. 127v]] | padha singgahêna | katonna têmênira | wus karsaning Hyang marêngi | ajal agampang | Bugis tinundhung mijil ||
143–144 dari 323

 


ing ngandhap. (kembali)