Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 59
142–143 dari 323
1.420–1.429 dari 3.223
31.023 Sumabrata ikang kinèn mapagêna | lan sakathahing mantri | Kaparak ing lawang | Kamandhungan dyan patya [[f. 126v]: pa...tya] | pinundhut kêrisira glis | radèn apatya | kinubêngan ing baris ||
31.024 pan rinêksa anèng lawang Kamandhungan | mring Kapêdhakira ji | ganti kawarnaa | para mantri jro samya | ting balêbêr ikang mijil | saking jro pura | Gandhèk awanti-wanti ||
31.025 mring Dipati Urawan ikang timbalan | Sukra nulia mati | lan Dipati Sampang | kalih wus dhinawuhan | Rahadèn Sukra winarni | saungkurira | kang rama tangkêb kori ||
31.026 samya misah sakèh wadya Kasindurjan | mung kari wadya Bugis | satus kathahira | wongira Radèn Sukra | sadaya têtukon Bugis | samyangsal manah | nèng palataran baris ||
31.027 yèn anaa pangajanira Dyan Sukra | samyarsa ngamuk wani | Janu lan Rosansah | koprale andêling prang | tan ana sinungan mijil | dening rahadyan | muwêr ing jro mirangti ||
31.028 Adipati Urawan kewran ing driya | arsa ginêcak wani | kang para pratiwa | sadaya tan arêmbag | Gandhèk prapta wanti-wanti | saking jro pura | nginggalakên patining ||
31.029 Sukra Adipati Urawan kèmêngan | arsa kinasap wani | Bugisira Sukra | pasthi ngamuk sadaya | agawe rusaking cili | pasthi kèh pêjah | ingamuk ing wong Bugis ||
31.030 kang abaris [[f. 127r]: a...baris] êlor Adipati Dêmak | lawan wong Surawèsthi | wong Madura wetan | kidul wong Kartasura | kang baris ing lor mrêpêki | angrangsang bata | nulya sinipat bêdhil ||
31.031 kang lèr mundur kang baris wetan angrangsang | bubar sinipat bêdhil | sigra ingundhangan | aja na ngrangsang bata | pan arsa ingipuk aris | rêmbag sadaya | sagung para bupati ||
31.032 ya ta ana santana ing Kasindurjan | lunggyèng Mantri Panumping | ran Ki Măndaraka | santana naking-sanak | lawan Sindurja Apatih | matur Ngurawan | arsa ambujuk aris ||
142–143 dari 323