Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31 dari 59
144 dari 323
1.431–1.440 dari 3.223
| 31.034 | Radèn Sukra alênggah mangku talêmpak | ingayap wadya Bugis | kagèt duk tumingal | wau dhatêng kang paman | Măndaraka mara nangis | dhuh sutaningwang | kadyaparan sirèki || |
| 31.035 | tan angeman maring ibu ramanira | wakira anèng jawi | Dipati Urawan | kadhawuhan timbalan | yèn sirarsa nêmu bêcik | ngaturna tobat | ingapura sang aji || |
| 31.036 | angaturna tobat maring uwakira | sakèhing wadya Bugis [[f. 127v]] | padha singgahêna | katonna têmênira | wus karsaning Hyang marêngi | ajal agampang | Bugis tinundhung mijil || |
| 31.037 | ikang lawang winêngakakên saksana | Bugis wus padha mijil | Dipati Urawan | undhang wadya aja na | sikara ing wadya Bugis | Wirawidiga | lan Urawan umanjing || |
| 31.038 | gya tumêdhak ngabêkti Rahadèn Sukra | cinandhakrisira[1] glis | mring Wirawidigda | cinêkêlan ing paman | Dipati Urawan angling | dhuh sutaningwang | paran karsanirèki || |
| 31.039 | lamun sira arêp gêsang ramanira | ikang nglabuhi pati | yèn sira kang katrap | kalêbu ukumolah | pasthi ramanira kaki | waluya gêsang | iku timbalan aji || |
| 31.040 | yèn ta sira amrih gêsang ramanira | ikang nalangi pati | nanging tanpa karya | gone aduwe putra | mring sira datanpa kardi | tuna ramanta | suta amalês pati || |
| 31.041 | ramanira anèng pura pinanjara | yèn tumêkaa pati | marga têkèng sira | Radèn Sukra turira | kawula dhewe ngandhêmi | sampun pun rama | tumuta bela pati || |
| 31.042 | angamungna uwa kawula priyăngga | ingkang nglabuhi pati | ulun titip uga | lujênge ri paduka | sapungkur kawula mugi | tuka apura | sampun kabêtèng siwi || |
| 31.043 | anauri aris Dipati Urawan | ja sira walangati | Dyan Sukra [[f. 128r]] manêmbah | katur wa pêjah ămba | anuhun sampun kawêsi | sakarsa-karsa | gèn andika mrih pati || |
144 dari 323
| 1 | cinandhak krisira. (kembali) |