Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31 dari 59
143–144 dari 323
1.429–1.438 dari 3.223
| 31.032 | ya ta ana santana ing Kasindurjan | lunggyèng Mantri Panumping | ran Ki Măndaraka | santana naking-sanak | lawan Sindurja Apatih | matur Ngurawan | arsa ambujuk aris || |
| 31.033 | wus ingidèn Angabèi Măndaraka | angrujad tinggal kêris | mènèk pagêr bata | sapraptaning dhuhuran | malorod dipun uluri | prapta ingandhap[1] | kagyat ingkang ningali || |
| 31.034 | Radèn Sukra alênggah mangku talêmpak | ingayap wadya Bugis | kagèt duk tumingal | wau dhatêng kang paman | Măndaraka mara nangis | dhuh sutaningwang | kadyaparan sirèki || |
| 31.035 | tan angeman maring ibu ramanira | wakira anèng jawi | Dipati Urawan | kadhawuhan timbalan | yèn sirarsa nêmu bêcik | ngaturna tobat | ingapura sang aji || |
| 31.036 | angaturna tobat maring uwakira | sakèhing wadya Bugis [[f. 127v]] | padha singgahêna | katonna têmênira | wus karsaning Hyang marêngi | ajal agampang | Bugis tinundhung mijil || |
| 31.037 | ikang lawang winêngakakên saksana | Bugis wus padha mijil | Dipati Urawan | undhang wadya aja na | sikara ing wadya Bugis | Wirawidiga | lan Urawan umanjing || |
| 31.038 | gya tumêdhak ngabêkti Rahadèn Sukra | cinandhakrisira[2] glis | mring Wirawidigda | cinêkêlan ing paman | Dipati Urawan angling | dhuh sutaningwang | paran karsanirèki || |
| 31.039 | lamun sira arêp gêsang ramanira | ikang nglabuhi pati | yèn sira kang katrap | kalêbu ukumolah | pasthi ramanira kaki | waluya gêsang | iku timbalan aji || |
| 31.040 | yèn ta sira amrih gêsang ramanira | ikang nalangi pati | nanging tanpa karya | gone aduwe putra | mring sira datanpa kardi | tuna ramanta | suta amalês pati || |
| 31.041 | ramanira anèng pura pinanjara | yèn tumêkaa pati | marga têkèng sira | Radèn Sukra turira | kawula dhewe ngandhêmi | sampun pun rama | tumuta bela pati || |
143–144 dari 323
| 1 | ing ngandhap. (kembali) |
| 2 | cinandhak krisira. (kembali) |