Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
32 dari 59
147–148 dari 323
1.469–1.478 dari 3.223
| 32.025 | wong Drêmayuda wastanirèki | padha atos-atos | wolung [[f. 130r]] puluh sagolonganane | waos binang ikang anambungi | abandera abrit | ciri macan wulung || |
| 32.026 | wong Surènglaga wastanirèki | wongira nom-anom | kasambungan wong sikêp Bung Ampèl | bandera seta aciri wilis | wong Sêca Nrangwèsthi | gagolonganipun || |
| 32.027 | wong amatang pêthak anèng wuri | têngran binalêkok | jênar kinalacakra cirine | amajupat tinon angajrihi | wong Ajayèngrêsmi | gagolonganipun || |
| 32.028 | kang amangku gêgaman jro nênggih | sira Ngabèi Lor | lan Ngabèi Kidul sisihane | kasambungan sagung para mantri | Răngga Bun Jaladri | lan Jalalodrèku || |
| 32.029 | Bajopati lan Bun Jalapati | Bun Jalapaningron | Lêmbu Singadaka sakancane | Lêmbu Giyêng Lêmbu Wanasrênggi | Lêmbu Potha-pathi | lawan Lêmbu Gadrug || |
| 32.030 | Dêmang Gêmpung lan Răngga Jaladri | myang Panatasingron | warna-warna asri gêgamane | Dalêm Jayaningrat anèng wuri | sawadya angiring | samya sikêp tulup || |
| 32.031 | rongèwu gangsal atus watawis | prajurit kang andon | ing ayuda kajaba pikule | ikang ngobong baturing priyayi | kang nyêkêli waji- | ning pratiwa anung || |
| 32.032 | tan kawarna lampahirèng margi | dangu winiraos | prapta sakiduling Selamanglèng | palabuhan sampun dèn sabrangi | pangarsaning baris | wus praptèng [[f. 130v]: pra...ptèng] Madiun || |
| 32.033 | sakathahe wong măncanêgari | tan ana kang tanggoh | dhadhal akèh atilar prajane | baris agêng praptèng Pranaragi | gègèr wadya alit | tilar wismanipun || |
| 32.034 | kithanira pan sampun dèn broki | mring Ngabèi Êlor | mantri pangarsa adoh barise | nahan sang nata sêdhêng siniwi | anèng Păncaniti | andhèr pratiwa nung || |
147–148 dari 323