Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
32 dari 59
148–149 dari 323
1.473–1.482 dari 3.223
32.029 Bajopati lan Bun Jalapati | Bun Jalapaningron | Lêmbu Singadaka sakancane | Lêmbu Giyêng Lêmbu Wanasrênggi | Lêmbu Potha-pathi | lawan Lêmbu Gadrug ||
32.030 Dêmang Gêmpung lan Răngga Jaladri | myang Panatasingron | warna-warna asri gêgamane | Dalêm Jayaningrat anèng wuri | sawadya angiring | samya sikêp tulup ||
32.031 rongèwu gangsal atus watawis | prajurit kang andon | ing ayuda kajaba pikule | ikang ngobong baturing priyayi | kang nyêkêli waji- | ning pratiwa anung ||
32.032 tan kawarna lampahirèng margi | dangu winiraos | prapta sakiduling Selamanglèng | palabuhan sampun dèn sabrangi | pangarsaning baris | wus praptèng [[f. 130v]: pra...ptèng] Madiun ||
32.033 sakathahe wong măncanêgari | tan ana kang tanggoh | dhadhal akèh atilar prajane | baris agêng praptèng Pranaragi | gègèr wadya alit | tilar wismanipun ||
32.034 kithanira pan sampun dèn broki | mring Ngabèi Êlor | mantri pangarsa adoh barise | nahan sang nata sêdhêng siniwi | anèng Păncaniti | andhèr pratiwa nung ||
32.035 magêrsari Kapêdhak angampil | pacaraning katong | Priyantaka Saragni sambunge | bandera gulakalapa ngapit | kasilir ing angin | kumêlab asêmu ||
32.036 wong Nirbaya anèng kanan kèri | Pinilih amanggon | jajar padha Pinilih sisihe | Brajanala lan Wirabrajèki | Kartiyasa sisih | wong Wisamartèku ||
32.037 Maodara kalawan Miyanggi | andhèr ngarsa katong | Patrayuda Kanoman jajare | Jagabaya Sangkragnyana Miji | Wisapracăndhèki | wong Nutra lan Mandhung ||
32.038 Martalulut lan Singanêgari | Gandhèk Mantri Anom | Patranala lan Darpahitane | Jagasura lawan Judhipati | Suranata Carik | tan adoh lan prabu ||
148–149 dari 323