Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
32 dari 59
145–146 dari 323
1.446–1.455 dari 3.223
| 32.002 | para nayaka rêmbag tur uning | dhumatêng sang katong | kandhêg anèng panangkilan andhèr | agya katur dhatêng sri bupati | ngandikan mring puri | sakèh pratiwa nung || |
| 32.003 | Adipati Urawan nulya glis [[f. 128v]] | myang Sampang praptèng jro | ngarsa nata aris andikane | lah kapriye Si Sukra wus mati | matur angabêkti | inggih sampun lampus || |
| 32.004 | Si Sindurja luwarana aglis | Urawan gya miyos | adhimas Sampang kiye kêrise | si ariya paringêna maning | Pangran Madura glis | nêmbah tampi dhuwung || |
| 32.005 | lèngsèr sakingarsa nata mijil | sapraptaning kagok | panggih lawan Arya Sindurja ge | dhinawuhan timbalaning aji | hèh arya sirèki | ingapurèng prabu || |
| 32.006 | dyan patih nuhun kang curiga glis | tinampan inganggo | nulya mêdal lajêng bubar mulèh | Adipati Urawan Dipati | Sampang samya ngiring | maring wismanipun || |
| 32.007 | sangkalanipun anunggil warsi | kalawan sang anom | pakramane Pangran Dipatyanèm | lawan dyan ayu kang sampun lalis | mangkana winarni | laywan kalihipun || |
| 32.008 | kang lumampah prapta ing wisma glis | Dyan Sindurja dongong | mulat marang suta kunarpane | mênggah anêbut asru asabil | ing nala dipati | kalih asru ngrapu || |
| 32.009 | kakang sampun karsaning Hyang Widdhi | sampun winiraos | pêjah gêsang pan sampun takdire | titah tan kêna amilih pati | kang amêngku pasthi | karsaning Hyang Agung || |
| 32.010 | wus kapêtak layone kang lalis | ganti winiraos | Pangran Dipati anèng [[f. 129r]] dalême | lam-laming tyas karasa kang lalis | datan amigati | wirangrong ing kalbu || |
| 32.011 | rinasa dosanira akêdhik | anêmahi layon | dening myarsa warta tan yaktine | ya ta kawarnèng pura sang aji | sêmana nimbali | Wilaja ingutus || |
145–146 dari 323