Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
32 dari 59
149–150 dari 323
1.490–1.499 dari 3.223
32.046 iya pira lawase têkaning | dutane Si Petor | angaturakên jêndral surate | Batawiyah myang para Rat Fêni | unine anagih | yayi ing sanggupku ||
32.047 lah warahêna sajroning tulis | wong Jawa lagyewoh | anadhahi mungsuh kèh praptane | kayaparan gon manira mikir [[f. 131v]] | marang utang mami | padha ewuh nglurug ||
32.048 malah amudhuta[1] wong Kumpêni | amukul ing mungsoh | ingkang prapta Kumpêni kang duwe | satru yèn ta nora ambantoni | pa gawene makin[2] | anagih sanggupku ||
32.049 sajatine mungsuh ikang prapti | pinanggil ing katong | sabên-sabên praptaa surate | jendral anagih ing sri bupati | kang mungsuh pinanggil | kinarya makewuh ||
32.050 angandika malih sri bupati | patih wêkas ingong | lan têkane telakêna manèh | anèng Pranaraga gènnya baris | lan pamuking jurit | robna patang èwu ||
32.051 lawan ikang sun kon anindhihi | ing prang ariningong | Adipati Pugêr têtindhihe | wong Kartasura ingsun para tri | saduman kang kari | rong duman kang milu ||
32.052 mung saduman kang tunggu nêgari | lan padha sun êkon | angusungi bêdhil gêdhe-gêdhe | ikang padha maksih nèng Matawis | Sindurja wotsari | lèngsèr saking ngayun ||
32.053 karya surat sêmana wus dadi | gya katur ing katong | mantri kalih dinuta lampahe | mêsat marang Japara sang aji | wus dangu siniwi | ri saksana kondur ||
32.054 lir Bathara Endra sri bupati | kalanira miyos | ginarêbêg ing widadarine | praptèng Sitinggil anolih maring | Sawănda atampi | ing sêmu gya wangsul ||
32.055 animbali Pangeran Dipati | Pugêr mring kadhaton [[f. 132r]: ka...dhaton] | lan Dipati Sampang Sindurja ge | mapag ing nayaning drêsana ji | Nyai Sawănda glis | andhawuhi wuwus ||
149–150 dari 323

 


amundhuta. (kembali)
mangkin. (kembali)