Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
32 dari 59
151 dari 323
1.501–1.510 dari 3.223
| 32.057 | manêmbah majêng kang prawara tri | ajajar alunggoh | naranata aris andikane | kayaparan ari masun[1] tari | myang punggawa kalih | kapriye karêpmu || |
| 32.058 | dening panagihe Si Kumpêni | wanti-wanti mringong | yèn ing besuk ana prapta manèh | layange si jendral anênagih | nora sun sauri | utang ingsun sanggup || |
| 32.059 | pangeran nêmbah umatur aris | langkung karsa katong | kawula jrih nglangkungi karsa raje |[2] nata ngandika awanti-wanti | lah pikirên nyayi | sira kang katêmpuh || |
| 32.060 | matur anêmbah Pangran Dipati | alêhêng pinogok | yèn makatên tanpa sil icale | ing Carêbon Pasundhan nagari | Sindurja nambungi | rakanta kang sanggup || |
| 32.061 | amaringi ajining Kumpêni | kang mati palugon | pun Kumpêni inggih panuhune | lan balănja sanguning ajurit | raka paduka ji | sampun darbe sanggup || |
| 32.062 | kadya punapa gènipun anglèsi |[3] ling pangran tan ewoh | iku uga sêsauranane [[f. 132v]: sêsa...uranane] | sira bae bisa anauri | sarat Jawa iki | kagunganing ratu || |
| 32.063 | wong Kumpêni gènnya ambantoni | ayuda ing katong | pan wis akèh Kumpêni untunge | ing Carêbon Pasundhan tanapi | wawênanging Jawi | pêparinging ratu || |
| 32.064 | alaloji nagari pasisir | urut pasisir lor | ing Japara Têgal Samarange | datan ana panêbasing bumi | adagang pakolih | wong Jawa atakut || |
| 32.065 | iku dudu bawaning Kumpêni | bawane sang katong | yèn amêksa-mêksa panagihe | ngambanga bae anèng jaladri | lêmah dèn anciki | banyu kang dèn inum || |
| 32.066 | akèh ajine Jawa tan kêni | dèn ambah liyan wong | sukêt godhonge sapa kang duwe | lawan olèh kèringan nêgari | pasisir samya jrih | mitênah mrih dudu || |
151 dari 323
| 1 | mas sun. Bandingkan: dhimas ingong (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.58.4). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: kula jrih nglangkungi karsa raje. Bandingkan: datan kenging nglangkungi karsane (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.61.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.60.3). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata: kadya napa gènipun anglèsi. Bandingkan: kados punapa ênggèn anglèsi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.63.1). (kembali) |