Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
32 dari 59
151–152 dari 323
1.504–1.513 dari 3.223
32.060 matur anêmbah Pangran Dipati | alêhêng pinogok | yèn makatên tanpa sil icale | ing Carêbon Pasundhan nagari | Sindurja nambungi | rakanta kang sanggup ||
32.061 amaringi ajining Kumpêni | kang mati palugon | pun Kumpêni inggih panuhune | lan balănja sanguning ajurit | raka paduka ji | sampun darbe sanggup ||
32.062 kadya punapa gènipun anglèsi |[1] ling pangran tan ewoh | iku uga sêsauranane [[f. 132v]: sêsa...uranane] | sira bae bisa anauri | sarat Jawa iki | kagunganing ratu ||
32.063 wong Kumpêni gènnya ambantoni | ayuda ing katong | pan wis akèh Kumpêni untunge | ing Carêbon Pasundhan tanapi | wawênanging Jawi | pêparinging ratu ||
32.064 alaloji nagari pasisir | urut pasisir lor | ing Japara Têgal Samarange | datan ana panêbasing bumi | adagang pakolih | wong Jawa atakut ||
32.065 iku dudu bawaning Kumpêni | bawane sang katong | yèn amêksa-mêksa panagihe | ngambanga bae anèng jaladri | lêmah dèn anciki | banyu kang dèn inum ||
32.066 akèh ajine Jawa tan kêni | dèn ambah liyan wong | sukêt godhonge sapa kang duwe | lawan olèh kèringan nêgari | pasisir samya jrih | mitênah mrih dudu ||
32.067 iku iya kawasaning aji | manêmbah turnya lon | inggih alêrês anggèr ature | kadya makatên ikang panitih | Kumpêni nèng Jawi | lampahe bêburuh ||
32.068 yèn wis olèh buruhan tumuli | lungaa dèn adoh | aja ngancik ing Jawa tanahe | balia maring nagri Batawi | ing kono lilaning | aji akêkuwu ||
32.069 parandene yèn amanggih jurit | nadhahi palugon | pun Kumpêni nora uwis dhewe | ukur-ukur bae angêtêbi | tan lyana wong [[f. 133r]] Jawi | ikang atoh lampus ||
151–152 dari 323

 


Lebih satu suku kata: kadya napa gènipun anglèsi. Bandingkan: kados punapa ênggèn anglèsi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.63.1). (kembali)