Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
32–33 dari 59
152–153 dari 323
1.517–1.526 dari 3.223
32.073 hèh Ariya Sindurja dèn eling | anggêr-anggêr ingong | pêngkuhana apa saunine | yèn katêmu si kumêndur Patih | Sindurja wotsari | sandika turipun ||
32.074 naranata angandika malih | mring arinira lon | yayi yèn prapta mungsuhira ge | tonjokên ing layang dèn adhêmit | gawea pêpati | ja kêmba ing pupuh ||
32.075 turnya pangeran sandika bêkti | pinaringan dadot[1] | katri pisan anyatus reyale | padha karyanên sanguning jurit | nêmbah katri mijil | praptèng wismanipun ||
32.076 samya undhang wadya lan prajurit | sadaya wusaos[2] | tata gêgaman akèh warnane | nahan kawarna Pangran Dipati | Pugêr tata baris | têngara ing pungkur [[f. 133v]] ||
33. Pangkur
33.001 gumrah wadya Kapugêran | wong anumbak miwah wong sikêp bêdhil | wus tata anèng lêlurung | lêlayu myang bandera | gêniroga bul-umbul kadya kêkuwung | ganjur bung ampèl lan benang | tumpêr ingas cêmêng jinggring ||
33.002 kapêdhak ing Kapugêran | Jayadrêma Jayawirya tanapi | Pranayuda sisihipun | Gataka Jiwasuta | Jayapatra kêkalih têtindhihipun | Surajaya Tambakbaya | samya andêling ajurit ||
33.003 Sutakrêti Krêtiwăngsa | atanapi para putra tan kari | Radèn Suryakusuma wus | amit ing Jêng Pangeran | Adipatya kalilan gènnyarsa tumut | anglurug dhatêng kang rama | mring bang wetan andon jurit ||
33.004 wusamya samaptèng yuda | ngalun-alun jêjêl wong tata baris | swaraning jalma gumuruh | pangeran agya budhal | saking dalêm gaman wadana ing ngayun | Urawan lan Mangkuyuda | tan adoh Natayuda ri ||
33.005 Tumênggung Wirawidigda | agya budhal saking wismanira glis | ngumpul anèng alun-alun | Pangran Pugêr tumêdhak | galedhegan ingiring kang para sunu | myang sagung para punggawa | wus prapta ing Păncaniti ||
33.006 ngandikan maring jro pura | jêng pangeran myang sagunging bupati | prapta ngarsa samya ngujung | wusnya mêdal sadaya | lajêng budhal wau saking alun-alun | gumrêdêg [[f. 134r]: gumrê...dêg] kadya ampuhan | dening pangajênging baris ||
152–153 dari 323

 


dodot. (kembali)
wus saos. (kembali)