Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
32 dari 59
146–147 dari 323
1.452–1.461 dari 3.223
| 32.008 | kang lumampah prapta ing wisma glis | Dyan Sindurja dongong | mulat marang suta kunarpane | mênggah anêbut asru asabil | ing nala dipati | kalih asru ngrapu || |
| 32.009 | kakang sampun karsaning Hyang Widdhi | sampun winiraos | pêjah gêsang pan sampun takdire | titah tan kêna amilih pati | kang amêngku pasthi | karsaning Hyang Agung || |
| 32.010 | wus kapêtak layone kang lalis | ganti winiraos | Pangran Dipati anèng [[f. 129r]] dalême | lam-laming tyas karasa kang lalis | datan amigati | wirangrong ing kalbu || |
| 32.011 | rinasa dosanira akêdhik | anêmahi layon | dening myarsa warta tan yaktine | ya ta kawarnèng pura sang aji | sêmana nimbali | Wilaja ingutus || |
| 32.012 | maring Kapugêran andika ji | kèn mundhut putra nom | Radèn Ayu Impun panêngrane | Nyai Wilaja Sawănda prapti | Kapugran tur uning | ngandikan tumanduk || |
| 32.013 | maring dalêm lan pangran apanggih | pinarêk ing gandhok | graha kêkalih kanan kèrine | munggèngarsa pangran ari kalih | drêsana ji nuli | dhawuhakên wuwus || |
| 32.014 | gusti kawula ngutus raka ji | nglêlayad kang layon | lan aparing badhe salawate | ulês mori kalih kêbar aglis | dyan ayu nampèni | lan arta rongatus || |
| 32.015 | lan kèn mundhut putra padukèstri | anènga kadhaton | Radèn Ayu Impun ing karsane | rakanta ratu lintang kapengin | apêputra èstri | kalangkung pêpungun || |
| 32.016 | pangran sumăngga aturira ris | darmi ngakên ingong | lawan ana malih sadulure | Radèn Ayu Pugêr duk inguni | ikang asêsiwi | pan ingambil sêsunu |[1]| |
| 32.017 | èstri parêng pinundhut mring puri | dening jêng sang katong | padha kênya yu samya agênge | drêsana kalih anêmbah amit | sang dyah wus jinoli | prapta ing pura rum [[f. 129v]] || |
146–147 dari 323
| 1 | Lebih satu suku kata: pan ingambil sunu. (kembali) |