Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33 dari 59
154–155 dari 323
1.532–1.541 dari 3.223
33.012 watang putih kawan dasa | nitih kuda pangeran payung kuning [[f. 134v]] | bala swarane gumuruh | pasisir anèng wuntat | Kudus sapangilèn sadaya pan tumut | ginêlêk lampahing bala | nabrang bêngawan Sêmanggi ||
33.013 mrêgil wetaning bêngawan | mung sawêngi enjing budhalumaris[1] | datan kawarnèng dêlanggung | prapta ing Jagaraga | pangarsane pan sampun praptèng Madiun | têtunggul Pangran Dipatya | Pugêr măngka senapati ||
33.014 wong Pasuruan miyarsa | lamun wadya Kartasura wus prapti | baris anèng Kali Dhadhung | sigra wong Pasuruan | wus samapta budhal saking kuwunipun | tinilar ing Pranaraga | ngumpul anèng Kali Tali ||
33.015 wusnya wor baris malatar | nahan Mangkuyuda myang ikang rayi | wus anduta mantrinipun | tur uningèng pangeran | lamun mungsuh malatar ing Kali Dhadhung | Pangeran Pugêr gya budhal | praptèng Madiun amrêgil ||
33.016 sigra dènnya nonjok sêrat | mring Ngabèi Lèr ing prang aprajangji | karya pêpatihing pupuh | aja kêmba ing yuda | Ngabèi Lèr gêpah atur angsul-angsul | mring Pangeran Pugêr agya | undhang ngajêngakên baris ||
33.017 wong Kartasura sumahab | anèng papan ajêng-ajêngan jurit | têngara umyang gumuruh | sigra wong Pasuruan | atêngara nata pangawating pupuh | myang Pangran Pugêr [[f. 135r]: Pu...gêr] Dipatya | nata gêlaring ajurit ||
33.018 têngên Dipati Urawan | lawan Wirawidigda kang nisihi | Ki Mangkuyuda Tumênggung | Natayuda angiwa | sawadyane urunan cucuking pupuh | pangeran kang dadi dhadha | kinêtêban ing pasisir ||
33.019 kang para putra ing ngarsa | prajuriting Pasuruan nêmpuh ing | wong Kartasura apêngkuh | surakadya[2] ampuhan | sanjata lir ruging prawata gumrudug | pêtêng kukusing sundawa | wong Pasuruan angukih ||
33.020 wadya lit akathah pêjah | awêtara kalih atus kang mati | wong Pasuruan kaplayu | wadya bagna mawantah | wong ing Kartasura sru samya ambujung | wadya kèh muksèng ing wana | tinut ing wong Kartawani ||
33.021 wus samya bali sadaya | pan lumirig marang ing Pranaragi | angêbroki kuthanipun | wadya wus ingundhangan | ikangili[3] sadaya wusamya mantuk | têtêp samya asasêgah | wong alit wus tarub malih ||
154–155 dari 323

 


budhal lumaris (dan di tempat lain). (kembali)
surak kadya (dan di tempat lain). (kembali)
ingkang ngili (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)