Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33 dari 59
155–156 dari 323
1.549–1.558 dari 3.223
33.029 mring petorirèng Sêmarang | kang jagani loji anyar Sêmawis [[f. 136r]: Sê...mawis] | pan durung ana kumêndur | kang ajaga Sêmarang | mung Japara anyar jinagèng kumêndur | sajênêngira sang nata | ngadhaton ing Kartawani ||
33.030 sakèh ngupêsir bicara | surat dalêm lajêng dhatêng Batawi | nahan gantia winuwus | kang anèng pabarisan | Pangran Pugêr anèng ing Pranaragèku | kalangênan lan putra myang | bupatèng wana myang warih ||
33.031 watara lêt pitung dina | jêng pangeran ngadu pacalang jurit | rame sabên-sabên têmpuh | anèng ing Kartasana | myang ing Pace gyanira buru-binuru | lami dènira mangkana | ya ta Radèn Surapati ||
33.032 wus ingaturan ing wadya | lamun sampun kasoran ing ajurit | putra kalih kinèn bantu | Radèn Lêmbu kang tuwa | ikang anèm Radèn Lêmbora ranipun | kalihe samya jêjaka | bêkta sanambang prajurit ||
33.033 kabèh padha gêgangsingan | putra kalih pan sampun winawêling | lan binêtan atur-atur | pêtha rajabêrana | budhal ikang wadya swarane gumuruh | Rahadèn Lêmbu Lêmbora | wus tampi pitungkas rêpit ||
33.034 ing ênu datan winarna | lampahira wus prapta ing Kêdhiri | panggih kalawan wadya gung | antara tigang dina | Radèn Lêmbu Lêmbora arsa umagut | wadya saparo ginawa | saparo tinilar baris [[f. 136v]] ||
33.035 wus anabrang palabuhan | kang pangarsa ing Caruban wus prapti | nahan gantia winuwus | Pangeran Adipatya | Pugêr lagya siniwèng ing pratiwa nung | Urawan Wirawidigda | Mangkuyuda myang kang rayi ||
33.036 Ki Tumênggung Natayuda | sinambungan ing punggawa pasisir | Sêcanagara Tumênggung | Japara Suranata | Dêmak Rêksanagara Tatêgal kumpul | Nitiyuda Pakalongan | sadaya samya sumiwi ||
33.037 Radèn Madurêtna Batang | Kêndhal Angabèi Wăngga namèki | miwah Răngga Kaliwungu | ran Suradimênggala | ing Pamalang Cakranagara Tumênggung | matur Dipati Urawan | yèn mêngsah wetan dhatêngi ||
33.038 bantu saking Pasuruan | winêtawis sanambang kang prajurit | dening têtindhihing kewuh | kêkalih kang tanaya | gih pun Lêmbu Lêmbora kêkasihipun | sampun nabrang nèng Caruban | jêng pangeran ngandika ris ||
155–156 dari 323