Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
33 dari 59
154–155 dari 323
1.540–1.549 dari 3.223
| 33.020 | wadya lit akathah pêjah | awêtara kalih atus kang mati | wong Pasuruan kaplayu | wadya bagna mawantah | wong ing Kartasura sru samya ambujung | wadya kèh muksèng ing wana | tinut ing wong Kartawani || |
| 33.021 | wus samya bali sadaya | pan lumirig marang ing Pranaragi | angêbroki kuthanipun | wadya wus ingundhangan | ikangili[1] sadaya wusamya mantuk | têtêp samya asasêgah | wong alit wus tarub malih || |
| 33.022 | kawarnaa kang kaplajar | wus angumpul ing Carubanagari[2] | lajêng bodholampahipun[3] | nawan ing urut marga | nabrang palabuhan sadaya akumpul | sakèhing wong Pasuruan | masanggrahan ing Kadhiri || |
| 33.023 | kêkuwu anèng ing kutha | lawas anèng Kadhiri lêt sapta ri | duta nabrang kilèn banyu | ambahak padêdesan [[f. 135v]: padêde...san] | pacalange wus gêpok tanah Madiun | nuju pacalanging Karta- | sura nèng Kartasanèki || |
| 33.024 | dadya prang padha pacalang | sring binêrêg wong Kartasura nuli | binantonan kapalayu | pacalang Pasuruan | sabên-sabên tinilara mring kang bantu | sring mênang pacalang wetan | lamun prapta kang bantoni || |
| 33.025 | larut wadya Pasuruan | saungkuring bantu wong wetan prapti | Pangeran Pugêr winuwus | dutanira wus mintar | mawi surat atur uninga ing prabu | yèn prang rame wadya pêjah | kalih atus winêtawis || |
| 33.026 | suka ing driya narendra | dhawuhakên ing Arya Sindurja glis | dutaa mring Jêparèku | dutanira gya mêsat | mawi surat awèh wêruh ing kumêndur | yèn sampun campuh ing yuda | sang nata mundhut Kumpêni || |
| 33.027 | yèn ing mangke ari nata | Pangran Pugêr wus campuh ing ajurit | wong Jawa mati rongatus | nèng madyaning payudan | surat dalêm wus dhawuh maring kumêndur | Kapitan Dulkup pinatah | angundhangi pra upêsir || |
| 33.028 | sadaya wus pinanggilan | mring kumêndur sakathahing upêsir | Petor Bilman kang wusinung[4] | srat dalêm ingurmatan | tinupiksa muni yèn nata amundhut | bantu Kumpêni wus rêmbag | kumêndur agya tur uning || |
| 33.029 | mring petorirèng Sêmarang | kang jagani loji anyar Sêmawis [[f. 136r]: Sê...mawis] | pan durung ana kumêndur | kang ajaga Sêmarang | mung Japara anyar jinagèng kumêndur | sajênêngira sang nata | ngadhaton ing Kartawani || |
154–155 dari 323
| 1 | ingkang ngili (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 2 | Caruban nagari. (kembali) |
| 3 | bodhol lampahipun. (kembali) |
| 4 | wus sinung (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |