Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
33 dari 59
156–157 dari 323
1.553–1.562 dari 3.223
| 33.033 | kabèh padha gêgangsingan | putra kalih pan sampun winawêling | lan binêtan atur-atur | pêtha rajabêrana | budhal ikang wadya swarane gumuruh | Rahadèn Lêmbu Lêmbora | wus tampi pitungkas rêpit || |
| 33.034 | ing ênu datan winarna | lampahira wus prapta ing Kêdhiri | panggih kalawan wadya gung | antara tigang dina | Radèn Lêmbu Lêmbora arsa umagut | wadya saparo ginawa | saparo tinilar baris [[f. 136v]] || |
| 33.035 | wus anabrang palabuhan | kang pangarsa ing Caruban wus prapti | nahan gantia winuwus | Pangeran Adipatya | Pugêr lagya siniwèng ing pratiwa nung | Urawan Wirawidigda | Mangkuyuda myang kang rayi || |
| 33.036 | Ki Tumênggung Natayuda | sinambungan ing punggawa pasisir | Sêcanagara Tumênggung | Japara Suranata | Dêmak Rêksanagara Tatêgal kumpul | Nitiyuda Pakalongan | sadaya samya sumiwi || |
| 33.037 | Radèn Madurêtna Batang | Kêndhal Angabèi Wăngga namèki | miwah Răngga Kaliwungu | ran Suradimênggala | ing Pamalang Cakranagara Tumênggung | matur Dipati Urawan | yèn mêngsah wetan dhatêngi || |
| 33.038 | bantu saking Pasuruan | winêtawis sanambang kang prajurit | dening têtindhihing kewuh | kêkalih kang tanaya | gih pun Lêmbu Lêmbora kêkasihipun | sampun nabrang nèng Caruban | jêng pangeran ngandika ris || |
| 33.039 | lah ta paran karêpira | Adipati Urawan atur bêkti | inggih suwawi pinêthuk | sintên kang tinuduha | jêng pangeran dipati angandika rum | iya Si Sêcanêgara | Si Pamalang Kalitangi || |
| 33.040 | putraningsun Si Sudira | sira ikang milua dadi tindhih | sandika ing aturipun | miwah sagung dipatya | samya bêkti pangeran angandika rum | Si Mangkuyuda milua | lawan Si Natayuda [[f. 137r]: Natayu...da] ri || |
| 33.041 | lèngsèr sagunging dipatya | asanega wusnya samaptèng jurit | budhal kang wadya gumuruh | kang tinuduh ing lampah | Radèn Suryakusuma têtindhihipun | Rêksanêgara pangarsa | tri atus ikang Saragni || |
| 33.042 | Rahadèn Suryakusuma | anèng têngah dadya tungguling jurit | mangka senapatinipun | anitih kuda pêthak | lir badhaya arja pinayungan biru | tinon lir ratmajèng[1] wăngga | prawira sura ing wèsthi || |
156–157 dari 323
| 1 | atmajèng. (kembali) |