Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
33 dari 59
157–158 dari 323
1.564–1.573 dari 3.223
| 33.044 | ing papan ayun-ayunan | Radèn Lêmbu Lêmbora anindhihi | wadya sura parêng anduk | samya mawantah ing prang | kang pangarsa baris Japara tinêmpuh | tadhah wadya ing Japara | arame bêdhil-binêdhil || |
| 33.045 | Rêksanagara Tatêgal | nèng pangawat narajang saking kèri | sinapane tigang atus | sarêng muni swaranya | kadya guntur ing arga suraking wadu | awor têngaraning aprang | kadya kocaking jaladri || |
| 33.046 | Rahadèn Suryakusuma | nilap bala anêngah dènnya jurit | turangga sinabêt maprung[1] [[f. 137v]] | Tumênggung Mangkuyuda | Natayuda kagyat amêgati ngayun | radèn ingampah tan kêna | dadya kali anglabuhi || |
| 33.047 | turangganira rahadyan | ulês putih tiningalan ing dasih | kadya tan angambah lêbu | inggilira saasta | saking siti para pratiwa gumulung | samya mawantah ing yuda | mungsuh wigya bagna lari || |
| 33.048 | Rahadèn Lêmbu Lêmbora | kapalajar wadya bagna tan pulih | malêbêt ing wana samun | sakèh wong Pasuruan | ting balêsar sêmana kasaput dalu | mundur wadya Kartasura | anèng Caruban sawêngi || |
| 33.049 | enjing budhalampahira[2] | tan kawarna ing Pranaraga prapti | saksana rahadèn sunu | marêk ngarsaning rama | pratiwandhèr pangeran angandika rum | kaya pa wartaning yuda | bêsukine kawula lit || |
| 33.050 | turnya tan wangwang raharja | mêngsah bagna suh sirna ing wanadri | pangeran tustha ing kalbu | nahan ganti kawarna | Radèn Lêmbu Lêmbo budhal ing dalu |[3] mring Pranaragarsa panggya | lan kang măngka pamugari || |
| 33.051 | awarta lamun dinuta | mring kang rama ngaturakên upêti | praptèng pakuwon ing dalu | ingandikan wus panggya | lan pangeran babêtan sadaya katur | kang badhe katur ing nata | lèn dhatêng pangran pribadi || |
| 33.052 | akathah tur-aturira [[f. 138r]] | brana pêtha panganggya pèni-pèni | tanaya duta umatur | sêmbahipun pun bapak | kaatura ing tuwan myang dhatêng prabu | safangat nata myang tuwan | kalintang asru pinundhi || |
| 33.053 | kalih sarêngaras[4] pada | lèngsèr sakingarsa kang duta siwi | wayahira têngah dalu | manjing ing wanawasa | wong sapuluh kangiring[5] lampahe darung | ngalor ngetan wus apanggya | wadya kèh ginula milir || |
157–158 dari 323
| 1 | mamprung (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | budhal lampah. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: Radèn Lêmbu Lêmbora budhal ing dalu. (kembali) |
| 4 | sarêng ngaras. (kembali) |
| 5 | kang ngiring (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |