Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 59
160–161 dari 323
1.592–1.601 dari 3.223
| 34.019 | sasedane Pangran Singasari | Pangeran Pugêr kang mupu putra | kêkalih sanak dhingine | Radèn Santri kang sêpuh | Radèn Punta rane kang rayi | kang sêpuh pan kinarya | mantri nèming prabu | sêmana Rahadèn Punta | kesah nêpi mring astana Têgalwangi | andêdagan ing eyang || |
| 34.020 | kapiyarsa dhatêng sri bupati | tuwin Pangeran Pugêr Dipatya | sampun miyarsa wartine | pan tinimbalan sampun | mring kang uwa myang ing pêpatih | nanging Rahadyan Punta [[f. 140v]] | datan arsa kondur | kêdah dêdagan ing eyang | katur ing sang nata gya Tumênggung Têgil | dinuta kèn nguwisna || |
| 34.021 | budhal sawadya datan asari | Rêksanagara agêgancangan | datan kawarna lampahe | nagri Tatêgal rawuh | ki tumênggung pan asangadi | kadukan ing sang nata | rahadèn ingapus | ngaturan têdhak mring praja | Radèn Punta sagah jinungjung nêrpati | dening Tumênggung Têgal || |
| 34.022 | Radèn Punta manahira gampil | molog arsa jinungjung narendra | radèn asuka driyane | têdhak mring praja gupuh | rinakitan ing para mantri | sira Rahadèn Punta | cinêpêng kapikut | linawe sampun palastra | Radèn Punta anèng masigit Tatêgil | apan karsaning nata || |
| 34.023 | layonira pinêtak ing Têgil | nulya katur ing sri naranata | suka ing dalêm kalbune | tan wande dadi riwuk | yèn awèta amangun brangti | mila suka narendra | ing dyan pêjahipun | sangkala anunggal warsa | lan kramane Radèn Sumaningrat uni | lan pêjahe Dyan Punta || |
| 34.024 | ya ta ing antara mung sawarsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | lajêng dhumatêng pêjahe | sri narendra angungun | pêjahira radèn apatih [[f. 141r]] | ing dhusun Parimana | gènira kinubur | sinêngkalan pêjahira | dyan apatih buta kalih măngsa jalmi |[1] kawarnaa sang nata || |
| 34.025 | ikang arsa jinungjung pêpatih | wadana jro kaparakang[2] kanan | Tumênggung Sumabratane | ingèstrèn ing wadya gung | ana dasihira nêrpati | Ki Ăngga Suranata | jinungjung lêlungguh | ran Tumênggung Wiraguna | madanani Kaparak Têngên asisih | Tumênggung Wirarêja || |
| 34.026 | minangka patih jêro kang jawi | uwising Tumênggung Sumabrata | Pangeran Dipati Anèm | sinung wawênang ratu | aparentah sagung bupati | jawi lêbêt sadaya | sira Ki Tumênggung | Sumabrata Wiraguna | barang ikang prakawis samya tur uning | ing Pangeran Dipatya || |
| 34.027 | antara sawarsa winatawis | Adipati Urawan palastra | tan adarbe suta dhewe | ampase pinartêlu | Wirarêja ikang sabagi | saduman Wiraguna | kang sadumanipun | Sarawadi Suranata | pan jinujung lêlungguh dening nêrpati | saha sinungan aran || |
| 34.028 | Tumênggung Wirasastra namèki | ikang kabubuhan kang saduman | Ki Urawan têtilare | mangkana kang winuwus | narpa kalanira nimbali | ing putra Jêng Pangeran | Dipati gya rawuh | ingarsa nata manêmbah | angandika aris sang [[f. 141v]] sri narapati | dhuh kaki putraningwang || |
160–161 dari 323
| 1 | Tanggal: buta kalih măngsa jalmi (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. Lihat juga: buta kalih măngsa jalma (AJ 1625) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.24.9);. buta kali [kalih] ngrasa tugil (AJ 1625) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.24.9) buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.22.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.24.9). Sangkala ini mengacu pada wafatnya Patih Arya Sindurêja, salah satu pejabat tinggi di Kartasura. (kembali) |
| 2 | Kaparak kang. (kembali) |