Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 59
159–160 dari 323
1.586–1.595 dari 3.223
34.013 sinung aran Radèn Ayu Sasi | sêmana wus sêdhênge diwasa | kala cinatur urute | putranira kang jalu | katri pisan wus samya supit | parêng putra wanodya | tugêl kuncungipun | sinêngkalan tri pinêksa | rasaning rat putra têtiga duk supit |[1] tugêl kuncunge sang dyah ||
34.014 ana ikang kawarnaa malih | putra èstri saking Kapugêran | kalih lan kaponakane | Dyan Ayu Pugêr sêpuh | Ratu Êmas ikang gadhuhi | sinung aran ing nata | Dyan Ayu Kadhatun | Dyan Ayu Impun pinacang- | pacang lawan putra ji Pangran Dipati | karsanira sang nata ||
34.015 dening wayahira sri bupati | Radèn Êmas Sêpuh wus diwasa | wus sinungan panti dhewe | kilèning Lêmahdhuwur | sinung aran dening nêrpati | Pangeran Buminata | dening arinipun | kalih pan mêksih wêwujang | Radèn Êmas Panênggak wus sinung panti | sakilène kang rama ||
34.016 Radèn Ayu Kadhaton pinanggih- | akên lawan kaponakanira | Ratu Kancana wastane | Dyan Sumaningrat sêpuh | Radèn Mangunrana [[f. 140r]: Ma...ngunrana] kang rayi | Rahadèn Sumaningrat | kang pinundhut mantu | ing nata panggih kalawan | Radèn Ayu Kadhaton sinungan panti | sakiduling kadhatyan ||
34.017 sinêngkalan catur boja rêsmi | tunggil warsa kalawan pangeran |[2] Dipati Anom panggihe | lawan Dyan Ayu Impun | karsa nata lêwih mrayogi | dyan ayu kang gumantya | karangulunipun | ing raka Dyan Ayu Lêmbah | sangêt marma yèn putra nora apanggih | lan putri Kapugêran ||
34.018 sang mangun rêsmi datan winarni | putra-putri kalangyan ing tilam | datan ginêlar tuture | kang tansah adon lulut | ya ta wontên ingkang winarni | putranira pangeran | swargi Singasantun | pan sampun ingambil putra | mring kang uwa Pangeran Pugêr Dipati | pinupu alit mila ||
34.019 sasedane Pangran Singasari | Pangeran Pugêr kang mupu putra | kêkalih sanak dhingine | Radèn Santri kang sêpuh | Radèn Punta rane kang rayi | kang sêpuh pan kinarya | mantri nèming prabu | sêmana Rahadèn Punta | kesah nêpi mring astana Têgalwangi | andêdagan ing eyang ||
34.020 kapiyarsa dhatêng sri bupati | tuwin Pangeran Pugêr Dipatya | sampun miyarsa wartine | pan tinimbalan sampun | mring kang uwa myang ing pêpatih | nanging Rahadyan Punta [[f. 140v]] | datan arsa kondur | kêdah dêdagan ing eyang | katur ing sang nata gya Tumênggung Têgil | dinuta kèn nguwisna ||
34.021 budhal sawadya datan asari | Rêksanagara agêgancangan | datan kawarna lampahe | nagri Tatêgal rawuh | ki tumênggung pan asangadi | kadukan ing sang nata | rahadèn ingapus | ngaturan têdhak mring praja | Radèn Punta sagah jinungjung nêrpati | dening Tumênggung Têgal ||
34.022 Radèn Punta manahira gampil | molog arsa jinungjung narendra | radèn asuka driyane | têdhak mring praja gupuh | rinakitan ing para mantri | sira Rahadèn Punta | cinêpêng kapikut | linawe sampun palastra | Radèn Punta anèng masigit Tatêgil | apan karsaning nata ||
159–160 dari 323

 


Tanggal: tri pinêksa rasaning rat (AJ 1623). Tahun AJ 1623 jatuh antara tanggal Masehi: 29 Juni 1699 sampai dengan 18 Juni 1700. Lihat juga: mantri roro rasa tunggal (AJ 1623) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.11.8); mantri kalih rêtu tunggal (AJ 1623) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.13.8); mantri roro rêtu tunggal (AJ 1623) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.13.8). Sangkala ini menandai upacara sunatan dan pemotongan rambut anak-anak raja, termasuk Dyan Ayu Sasi. (kembali)
Tanggal: catur boja rêsmi tunggil (AJ 1624). Tahun AJ 1624 jatuh antara tanggal Masehi: 19 Juni 1700 sampai dengan 7 Juni 1701. Lihat juga: warnaning buja angrasa wani (AJ 1624) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.17.1); warna sikara ngrasani wani (AJ 1624) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.17.1). Bandingkan: warna bujăngga ngrasani wani (AJ 1624); (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.17.1); warna bujăngga angrasa wani (AJ 1624) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.15.1). Sangkala ini mengacu pada hubungan baru antara Pangeran Dipati Anom dan Dyan Ayu Impun, setelah perpisahannya dengan Dyan Ayu Lêmbah. (kembali)