Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 59
160–161 dari 323
1.597–1.606 dari 3.223
| 34.024 | ya ta ing antara mung sawarsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | lajêng dhumatêng pêjahe | sri narendra angungun | pêjahira radèn apatih [[f. 141r]] | ing dhusun Parimana | gènira kinubur | sinêngkalan pêjahira | dyan apatih buta kalih măngsa jalmi |[1] kawarnaa sang nata || |
| 34.025 | ikang arsa jinungjung pêpatih | wadana jro kaparakang[2] kanan | Tumênggung Sumabratane | ingèstrèn ing wadya gung | ana dasihira nêrpati | Ki Ăngga Suranata | jinungjung lêlungguh | ran Tumênggung Wiraguna | madanani Kaparak Têngên asisih | Tumênggung Wirarêja || |
| 34.026 | minangka patih jêro kang jawi | uwising Tumênggung Sumabrata | Pangeran Dipati Anèm | sinung wawênang ratu | aparentah sagung bupati | jawi lêbêt sadaya | sira Ki Tumênggung | Sumabrata Wiraguna | barang ikang prakawis samya tur uning | ing Pangeran Dipatya || |
| 34.027 | antara sawarsa winatawis | Adipati Urawan palastra | tan adarbe suta dhewe | ampase pinartêlu | Wirarêja ikang sabagi | saduman Wiraguna | kang sadumanipun | Sarawadi Suranata | pan jinujung lêlungguh dening nêrpati | saha sinungan aran || |
| 34.028 | Tumênggung Wirasastra namèki | ikang kabubuhan kang saduman | Ki Urawan têtilare | mangkana kang winuwus | narpa kalanira nimbali | ing putra Jêng Pangeran | Dipati gya rawuh | ingarsa nata manêmbah | angandika aris sang [[f. 141v]] sri narapati | dhuh kaki putraningwang || |
| 34.029 | dèn abêcik olèhira akrami |[3] lan arinira ing Kapugêran | ingsun iki uga êmèh | na karsaning Hyang Agung | besuk kaki saungkur mami | darapon lastaria | jênêngira ratu | aja kuwur kang punggawa | lawan aja sira kaki bèncèng pikir | lan kadang warganira || |
| 34.030 | poma pamanira Adipati | Pugêr lawan adhi Cakraningrat | karo kulanana tyase | amriha sih[4] sirèku | wong kêkalih iku upami | têtampah pamanira | Pugêr iku wêngku | jêjête Si Cakraningrat | yèn sira tan tinunggu wong roro ugi | nora dadi wêwadhah || |
| 34.031 | ingsun iki liwat dening watir | atinggal kaprabon marang sira | durung pracaya salire | marmèng sun mandhêg mangu | yèn sira tan ngowah-owahi | ing salir tingkahira | agal lawan lêmbut | prakaraning mêngku praja | akèh lire ratu drêsananing Widdhi | warananing Hyang Suksma || |
| 34.032 | pangran kala ingandikan enjing | kongsi lingsir dènira winulang | ing rama anèng panêpèn | nitipraja winangun | jalengkara kalawan sruti | solahing asthabrata | kang kinarya muruk | paniti awantya-wantya | nisthaning narendra myang madyaning aji | lèn utamaning nata || |
| 34.033 | Pangran Dipati asêmu [[f. 142r]] tangis | tan kawêdal i driya anarka | ywan kang rama sang nata mèh | puput ing yuswanipun | pangran nêmbah anulya mijil | kondur mring dalêmira | kadipatèn rawuh | ganti warsa naranata | animbali ing putra grahnya ngranuhi | mèh praptèng dalêm ajal || |
160–161 dari 323
| 1 | Tanggal: buta kalih măngsa jalmi (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. Lihat juga: buta kalih măngsa jalma (AJ 1625) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.24.9);. buta kali [kalih] ngrasa tugil (AJ 1625) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.24.9) buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.22.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.24.9). Sangkala ini mengacu pada wafatnya Patih Arya Sindurêja, salah satu pejabat tinggi di Kartasura. (kembali) |
| 2 | Kaparak kang. (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata: dèn abêcik olèhira krami. Bandingkan: dèn abêcik gonira akrami (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.27.1); dèn abêcik gènira akrami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.29.1); dèn abêcik dènira akrami (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.29.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.29.1). (kembali) |
| 4 | Terdapat dua sandangan: sih atau sèh. (kembali) |