Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
35 dari 59
165–166 dari 323
1.644–1.653 dari 3.223
35.013 manawi rama paduka | lilèng sunu amrih rêbat nêgari | bêbantêning putranipun | yèn dinamêl pangulah | sandi guna upaya dènnya mrih tungkul | luwanging rêbat kawiryan | tan mulat putra satunggil ||
35.014 dilalah karsaning Suksma | naradipa ing galihira gampil | Ki Sumabrata wus mêtu | sêmana naranata | ikang gêrwa winêdalakên agupuh | putri saking Kapugêran | wus karsaning Hyang tan gingsir ||
35.015 tan emut ingkang wawêkas | sira ikang swarga dyan ayu mulih | Kapugraning ramanipun | antara pitung dina | lan sedane kang swarga kang mangka Ratu | Kancara gêrwa narendra | sinêmbah ing wong sapuri ||
35.016 kang saking Ngonje kinarya | pamungkase mumpuni wong sapuri | nahan gantia winuwus | ikang amêtak laywan | nèng Magiri Ratu Kancana atugur | ing dagan reyal sanambang | kinarya tilawat ngaji ||
35.017 kêrig kaum pajimatan | siyang dalu gumuruh padha ngaji | anèng dagan arta sèwu [[f. 146v]] | têlas kinarya boga | mring wong pêkir mêmule dhatêng kang surud | kabèh kaum pajimatan | asalin nyamping kulambi ||
35.018 Mantri Gêdhong myang Kaparak | ingkang dhèrèk layon maring Magiri | sadaya wusamya mantuk | myang Kêtib Suranata | amung Radèn Suryakusuma tan kondur | maring praja Kartasura | nèng Mataram madêg baris ||
35.019 anèng dhusun Ngenta-inta[1] | graitanya radèn tan arsa mulih | rêmbag lawan êmbanipun | sira Radèn Surăngga | datan rêmbag tansah angaturi kondur | Rahadèn Suryakusuma | tan kêna dipun aturi ||
35.020 mangkana lingira radyan | Kangmas Adipati yèn madêg aji | dilalah ing jagat rêtu | dening wus kacampuran | wiji Jawa saparo rucah ing ibu | saparo iku kusuma | tinggal adating Matawis ||
35.021 măngsa silih bakal nata | kêna kawoworan wijiling cili | ala bawane arusuh | wantu campur ing kula | wus dilalah wa aji datan sêsunu | lawan putri ing Sumêdhang | rabine Jawa mêtoni ||
35.022 iku tandhaning Pangeran | mratelakên[2] ing apêse wa aji | apanurbuwating[3] ratu | wiji tan kawoworan | jalu èstri kang minangka [[f. 147r]: minang...ka] marganipun | padha taliti Mataram | nurbuwat karatyan Jawi ||
165–166 dari 323

 


Ngenta-enta (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 131.18.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 232.23.1). (kembali)
mratelakkên. (kembali)
apan nurbuwating. (kembali)