Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 40
15–16 dari 143
148–157 dari 1.427
04.12 tandhanipun kakang kula ngipi | pan kêpanggih kêlawan wanudya | cinêkêl sinungan gantèn | sira tampani iku | botên arsa kula nampèni | kakang kêlawan asta | nanging lawan untu | sun cakot lathine pisan | raka kalih gumujêng atutup lathi | mung samono kewala ||
04.13 muga kithing kakang botên uning | nula[1] kakang lah yèn mêngkatêna | muga busung muga gondhok | Selagănda ris wuwus | yayi ingsun atakèn malih | lah mara tutugêna | Selarasa muwus | kula dèn ajah[2] mring wisma | ing wanita sun êmban tur sun ambungi | sarwi sun urus pisan ||
04.14 Selasyara angrangkul kang rayi | ariningsun apa aran ika | Selarasa lon ature | wikaning wismanipun | kula tutugakên ta malih | dangu ing pagulingan | wong wadon anggarut | anjiwit nyêthot amular | nutên[3] kakang sun sarèkakên tumuli | tur sun bantali asta ||
04.15 apan dangu dènira agosthi[4] | anèng bèji wau apaguyyan | nulya siram katigane | warnanên ingkang kantun | Ni Rumsari kêlawan cèthi | umatur Kèn Jumêna | dhatêng Ni Rumsantun | sampun gusti radi mirang | ing wong ika lir darbe [[f. 15v]] rasaning ati | punika wong pêsaja ||
04.16 sampun gusti radi angêtawis | dipun kadi sadhèrèk priyăngga | Rumsari alon saure | wite babu tyas ingsun | pan kapingin dadulur yakti | yèn warnane sun wangwang | lir Parta tumurun | kumêpyar raosing manah | mulaningsun kadhang lali kadhang iling | dadya salira lupa ||
04.17 wus malêbêt wisma Rumsari |[5] arsa mipis burat pagêgandan | yudha angêlamong arane |[6] akêdhik racikipun | mung sêkawan racikannèki | pala lan têmulawak | unêm datan kantun | pucuk datan kalintangan | kawruhana warnane gănda wêwangi | ika nastitèkêna ||
04.18 wontên malih wastane wêwangi | bêburatan wangi tur prayoga | balibar manggis wastane | akathah racikipun | têmu giring lampuyang wangi | cêndhana das kawuryan | pulasari kêncur | jitên[7] cêngkèh kajêng tinja | jêruk purut cêndhana têki mêsuyi | lan godhong găndapura ||
04.19 ingukupan lawan gêdhis[8] abrit | banyonana lan air kukuman[9] | kuncine dèn bênêm bae | cêmpaka datan kantun | pan pinanggang sêkare dhimin | binênêm kang sapindhah | pinipis dèn lêmbut | kajêng gasturi[10] rawangnya[11] | kawruhana racike balibar manggis | iku nastitèkêna ||
04.20 sasampuning Ni Dèwi Rumsari | arêracik burat kang butama | cêcadhang marang wangsane | dening wulanjar kidul | saking pawon padha tut wingking | malêbêt dhatêng wisma | samya marêk lungguh | ni parawan [[f. 16r]: pa...rawan] anut wutat | samya marêk anèng pagêlaran linggih | Rumsari aris majar ||
04.21 wus palastha sêsajène asri | ni wulanjar muwus mêlasarsa | sampun sumaos sakabèh | ni pêrawan amuwus | dhuh kawula takèn sayakti | marga punapa dika | ing rare kang rawuh | dening warnane lir Parta | Ni Rumsari aris dènira nauri | sadulur mêmisanan ||
15–16 dari 143

 


mula. (kembali)
ajak. (kembali)
nuntên (dan di tempat lain). (kembali)
anggosthi. (kembali)
Kurang satu suku kata: wus malêbêt wisma Ni Rumsari. (kembali)
Lebih satu suku kata: yudha anglamong arane. (kembali)
jintên. (kembali)
gêndhis. (kembali)
kumkuman. (kembali)
10 kasturi (dan di tempat lain). (kembali)
11 rewangnya. (kembali)