Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 40
16 dari 143
151–160 dari 1.427
04.15 apan dangu dènira agosthi[1] | anèng bèji wau apaguyyan | nulya siram katigane | warnanên ingkang kantun | Ni Rumsari kêlawan cèthi | umatur Kèn Jumêna | dhatêng Ni Rumsantun | sampun gusti radi mirang | ing wong ika lir darbe [[f. 15v]] rasaning ati | punika wong pêsaja ||
04.16 sampun gusti radi angêtawis | dipun kadi sadhèrèk priyăngga | Rumsari alon saure | wite babu tyas ingsun | pan kapingin dadulur yakti | yèn warnane sun wangwang | lir Parta tumurun | kumêpyar raosing manah | mulaningsun kadhang lali kadhang iling | dadya salira lupa ||
04.17 wus malêbêt wisma Rumsari |[2] arsa mipis burat pagêgandan | yudha angêlamong arane |[3] akêdhik racikipun | mung sêkawan racikannèki | pala lan têmulawak | unêm datan kantun | pucuk datan kalintangan | kawruhana warnane gănda wêwangi | ika nastitèkêna ||
04.18 wontên malih wastane wêwangi | bêburatan wangi tur prayoga | balibar manggis wastane | akathah racikipun | têmu giring lampuyang wangi | cêndhana das kawuryan | pulasari kêncur | jitên[4] cêngkèh kajêng tinja | jêruk purut cêndhana têki mêsuyi | lan godhong găndapura ||
04.19 ingukupan lawan gêdhis[5] abrit | banyonana lan air kukuman[6] | kuncine dèn bênêm bae | cêmpaka datan kantun | pan pinanggang sêkare dhimin | binênêm kang sapindhah | pinipis dèn lêmbut | kajêng gasturi[7] rawangnya[8] | kawruhana racike balibar manggis | iku nastitèkêna ||
04.20 sasampuning Ni Dèwi Rumsari | arêracik burat kang butama | cêcadhang marang wangsane | dening wulanjar kidul | saking pawon padha tut wingking | malêbêt dhatêng wisma | samya marêk lungguh | ni parawan [[f. 16r]: pa...rawan] anut wutat | samya marêk anèng pagêlaran linggih | Rumsari aris majar ||
04.21 wus palastha sêsajène asri | ni wulanjar muwus mêlasarsa | sampun sumaos sakabèh | ni pêrawan amuwus | dhuh kawula takèn sayakti | marga punapa dika | ing rare kang rawuh | dening warnane lir Parta | Ni Rumsari aris dènira nauri | sadulur mêmisanan ||
04.22 ing pisahe ingsun sèjèn ragi | payo yayi atilik si rama | kawarta mati ujare | ni wulanjar amuwus | ingkang sêpuh punika pundi | wêrnane kaya kêmbar | padha bagus-bagus | tan ana ingkang kaciwa | Ni Rumsari wuwuse arum amanis | watêk sabèbètira ||
04.23 ni wulanjar angling asih-asih | kula ngèngèr ing mariki pisan | juru dang esuk lan sure[9] | sun sêsambi lan nutu | ni parawan alon nauri | nyai wăngsa andika | sun lamar ing besuk | kang anom miwah kang tuwa | dhingahane aja liyan kang duwèni | sun tuku kanèskara ||
04.24 Ni Rumsari saure amanis | ora rabi kabèh sanak ingwang | yèn durung laki sanake | watêk sabèbèt ingsun | sapa tuwa alaki dhingin | ni wulanjar angucap | darmane kang antuk | tan katara wuwusira | Ki Lubama wau mantuk saking masjid | dèn iring santri papat ||
16 dari 143

 


anggosthi. (kembali)
Kurang satu suku kata: wus malêbêt wisma Ni Rumsari. (kembali)
Lebih satu suku kata: yudha anglamong arane. (kembali)
jintên. (kembali)
gêndhis. (kembali)
kumkuman. (kembali)
kasturi (dan di tempat lain). (kembali)
rewangnya. (kembali)
sore. (kembali)