Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 40
16–17 dari 143
155–164 dari 1.427
04.19 ingukupan lawan gêdhis[1] abrit | banyonana lan air kukuman[2] | kuncine dèn bênêm bae | cêmpaka datan kantun | pan pinanggang sêkare dhimin | binênêm kang sapindhah | pinipis dèn lêmbut | kajêng gasturi[3] rawangnya[4] | kawruhana racike balibar manggis | iku nastitèkêna ||
04.20 sasampuning Ni Dèwi Rumsari | arêracik burat kang butama | cêcadhang marang wangsane | dening wulanjar kidul | saking pawon padha tut wingking | malêbêt dhatêng wisma | samya marêk lungguh | ni parawan [[f. 16r]: pa...rawan] anut wutat | samya marêk anèng pagêlaran linggih | Rumsari aris majar ||
04.21 wus palastha sêsajène asri | ni wulanjar muwus mêlasarsa | sampun sumaos sakabèh | ni pêrawan amuwus | dhuh kawula takèn sayakti | marga punapa dika | ing rare kang rawuh | dening warnane lir Parta | Ni Rumsari aris dènira nauri | sadulur mêmisanan ||
04.22 ing pisahe ingsun sèjèn ragi | payo yayi atilik si rama | kawarta mati ujare | ni wulanjar amuwus | ingkang sêpuh punika pundi | wêrnane kaya kêmbar | padha bagus-bagus | tan ana ingkang kaciwa | Ni Rumsari wuwuse arum amanis | watêk sabèbètira ||
04.23 ni wulanjar angling asih-asih | kula ngèngèr ing mariki pisan | juru dang esuk lan sure[5] | sun sêsambi lan nutu | ni parawan alon nauri | nyai wăngsa andika | sun lamar ing besuk | kang anom miwah kang tuwa | dhingahane aja liyan kang duwèni | sun tuku kanèskara ||
04.24 Ni Rumsari saure amanis | ora rabi kabèh sanak ingwang | yèn durung laki sanake | watêk sabèbèt ingsun | sapa tuwa alaki dhingin | ni wulanjar angucap | darmane kang antuk | tan katara wuwusira | Ki Lubama wau mantuk saking masjid | dèn iring santri papat ||
04.25 Ki Lubama anguwuh ing siwi | Ni Rumsari êndi sakankira[6] | padha mring ngêndi parane [[f. 16v]: pa...rane] | Ni Rumsari sumaur | diwêk[7] siram wau mring bèji | kawula mipis wida | Lubama amuwus | babo wus daulatira | ulih sanak wêrnane anom apêkik | ingkang ingucap prapta ||
04.26 ingkang mêntas asiram ing bèji | rare tiga sampun linggih samya | Lubama suka ing tyase | Rumsari nulya matur | atur burat prapta alinggih | tan arasa-rumasa | pasaja amuwus | yayi padha baburata | rare tiga matur sêpdane[8] amanis | kang êmbok wus katêdha ||
04.27 Ki Lubama wuwusing amanis | aja kêmba iku sanakira | aja sumêlang atine | cinandhak astanipun | binuratan wargane sami | tumukul tur pasaja | katigane sampun | wus palastha binuratan | sakatiga arine tansah dèn liring | dening Dèwi Rumsêkar ||
04.28 sasampuning binuratan sami | nulya mêdal ingkang pêpundhutan | saksana adhahar kabèh | pan jang gori jangipun | Ni Rumsari kang mêmarisi | wulanjar ngêngêt ulam | samya dhahar sampun | carikan wus ingambilan | sinungakên ing jawi santrinerèki | rame dhahar carikan ||
16–17 dari 143

 


gêndhis. (kembali)
kumkuman. (kembali)
kasturi (dan di tempat lain). (kembali)
rewangnya. (kembali)
sore. (kembali)
sanakira. (kembali)
diwêg (dan di tempat lain). (kembali)
sêbdane (kembali)