Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
4–5 dari 40
16–17 dari 143
158–167 dari 1.427
| 04.22 | ing pisahe ingsun sèjèn ragi | payo yayi atilik si rama | kawarta mati ujare | ni wulanjar amuwus | ingkang sêpuh punika pundi | wêrnane kaya kêmbar | padha bagus-bagus | tan ana ingkang kaciwa | Ni Rumsari wuwuse arum amanis | watêk sabèbètira || |
| 04.23 | ni wulanjar angling asih-asih | kula ngèngèr ing mariki pisan | juru dang esuk lan sure[1] | sun sêsambi lan nutu | ni parawan alon nauri | nyai wăngsa andika | sun lamar ing besuk | kang anom miwah kang tuwa | dhingahane aja liyan kang duwèni | sun tuku kanèskara || |
| 04.24 | Ni Rumsari saure amanis | ora rabi kabèh sanak ingwang | yèn durung laki sanake | watêk sabèbèt ingsun | sapa tuwa alaki dhingin | ni wulanjar angucap | darmane kang antuk | tan katara wuwusira | Ki Lubama wau mantuk saking masjid | dèn iring santri papat || |
| 04.25 | Ki Lubama anguwuh ing siwi | Ni Rumsari êndi sakankira[2] | padha mring ngêndi parane [[f. 16v]: pa...rane] | Ni Rumsari sumaur | diwêk[3] siram wau mring bèji | kawula mipis wida | Lubama amuwus | babo wus daulatira | ulih sanak wêrnane anom apêkik | ingkang ingucap prapta || |
| 04.26 | ingkang mêntas asiram ing bèji | rare tiga sampun linggih samya | Lubama suka ing tyase | Rumsari nulya matur | atur burat prapta alinggih | tan arasa-rumasa | pasaja amuwus | yayi padha baburata | rare tiga matur sêpdane[4] amanis | kang êmbok wus katêdha || |
| 04.27 | Ki Lubama wuwusing amanis | aja kêmba iku sanakira | aja sumêlang atine | cinandhak astanipun | binuratan wargane sami | tumukul tur pasaja | katigane sampun | wus palastha binuratan | sakatiga arine tansah dèn liring | dening Dèwi Rumsêkar || |
| 04.28 | sasampuning binuratan sami | nulya mêdal ingkang pêpundhutan | saksana adhahar kabèh | pan jang gori jangipun | Ni Rumsari kang mêmarisi | wulanjar ngêngêt ulam | samya dhahar sampun | carikan wus ingambilan | sinungakên ing jawi santrinerèki | rame dhahar carikan || |
| 04.29 | Ki Lubama lingira amanis | anak ingsun padha asarea | anulya padha asare | ênêngêna winuwus | anèng dhukuh sampun alami | wus wayah sapraja |[5] ka tansah pinupuju |[6] sampun antuk tigang warsa | laminipun dawêk sinalinan gêndhing | apan tinêmbang durma [[f. 17r]] || |
| 5. Durma | |
| 05.01 | ênêngêna ing mangke pêkir Lubama | lawan radèn puniki | kacapa Sang Nata | ing Atashulu ika | nênggih wastane nêgari | balane Islam | nanging ratune kapir || |
| 05.02 | kalih patih iku ratu anênêka | nanging prakosèng jurit | wanci dhawuh tiga | sri nalendra sinowan | pinarêk anèng sitigil | pêpêk sadaya | santana lawan mantri || |
16–17 dari 143
| 1 | sore. (kembali) |
| 2 | sanakira. (kembali) |
| 3 | diwêg (dan di tempat lain). (kembali) |
| 4 | sêbdane (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata: wus wayahe sapraja. (kembali) |
| 6 | Lebih satu suku kata: tansah pinupuju. (kembali) |