Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
4 dari 40
14–15 dari 143
138–147 dari 1.427
| 04.02 | Ki Lubama anake dèn bisik | nini sira ya olah-olaha | sanakira pan kaluwèn | saksana kang inguwuh | Ni Rumsari sumaur aris | wus damêl ambêng kula | têka dika lungguh | Ni Rumsari olah-olah | lan Jumêna tan dangu [[f. 14r]] nulya mahgêrip | Ki Lubama angucap || |
| 04.03 | lah kantuna nyawa anèng ngriki | ingsun arsa lunga asêmbayang | Rumsari lungguha kene | rewangana alungguh | aja sira age sêsaji | ingsun arsa sêmbayang | Rumsari sumaur | dawêk rama sêmbayanga | ariningsun sun rawangane[1] alinggih | Lubama dhatêng langgar || |
| 04.04 | têtanggane padha angrowangi | ni wulanjar kidul sami prapta | lawan ni pêrawan kilèn | răndha lor padha rawuh | ora maning kang dèn rasani | payo nonton wong anyar | wartane abagus | kyai duwe pulunan |[2] rare anom têtiga wêrnane pêkik | gêbagan kang wong prapta || |
| 04.05 | Ni Rumsari wus sarêng alinggih | miring-miring manahe kagiwang | sarêng linggih onèng bale | gantale mung tatêlu | ing nênampan salaka adi | wong bagus lah mucanga | Selasyara muwus | kang êmbok [[f. 14v]] kawula nêdha | sampun lami kawula botên nginangi | miwah sanak kawula || |
| 04.06 | Ni Rumsari wuwusing amanis | nora tulus andika sêsanak | yèn dèrèng nginang jambene | dumèh ta mung têtêlu | anginanga suruh sacandhik | lawan jambe samayang | măngsa kirang suruh | mulane amung têtiga | sanak kula têtiga kang anèng ati | sarwi anglirik ngiwa || |
| 04.07 | Selasyara arine dèn lirik | sarêng dulu wangsane katiga | sarêng samya juput jambe | katiga mucang sampun | Ni Rumsari angling ing ati | kapriye polah ingwang | kang manah ta giyur | yèn ingsun mêlang ing nala | asêsanak kang mulat malang atèni | angur sun rasuk pisan || |
| 04.08 | dimèn padha sun basani adhi | nulya angling Jumêna mènèha | anglêlayanana kene | ing kono akèh batur | ora kurang ing ngladèni |[3] ni wulanjar angucap | buhêna maringsun | age sira maranaa | adan kesah Jumêna mêndhêk ing wuri | Rumsari aris majar || |
| 04.09 | Ni Rumsari lingira amanis | ariningsun katiga sirama | karuhun dipun arèrèh | rama dika pan dangu | anèng masjid kêlawan santri | wu[4] watêking saban |[5] yèn sêmbayang dalu | rare katiga wêcana | inggih kakang nuhun pasihan dikèki | tan sagêt mangsulana || |
| 04.10 | pan tumêdhak wau putra katri | ing sêdyane wau arsa siram | mring bèji ika sêdyane | lampahe mandhêk mangu | wau mulat padhanging sasi | sangsaya mangu lara | ketang duk ing dangu | lagya duk anèng nêgara | nanging ta lah sinamur-samur [[f. 15r]: si...namur-samur] ing ati | dadya angêne ilang || |
| 04.11 | samya siram katiga ing bèji | padhang wulan sasi kapurwanan[6] | prapta ing bèji lampahe | Selasyara amuwus | Selarasa dipun takèni | yayi wus balèk sira | atawa sih durung | kang rayi sih saurira | dèrèng balèk kakang kawula puniki | tandhane yayi apa || |
14–15 dari 143
| 1 | rewangane. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: kiyai duwe pulunan. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: ora kurang ingkang ngladèni. (kembali) |
| 4 | wus (dan di tempat lain). (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata: uwus watêking saban. (kembali) |
| 6 | kapurnaman. (kembali) |