Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 40
15 dari 143
141–150 dari 1.427
04.05 Ni Rumsari wus sarêng alinggih | miring-miring manahe kagiwang | sarêng linggih onèng bale | gantale mung tatêlu | ing nênampan salaka adi | wong bagus lah mucanga | Selasyara muwus | kang êmbok [[f. 14v]] kawula nêdha | sampun lami kawula botên nginangi | miwah sanak kawula ||
04.06 Ni Rumsari wuwusing amanis | nora tulus andika sêsanak | yèn dèrèng nginang jambene | dumèh ta mung têtêlu | anginanga suruh sacandhik | lawan jambe samayang | măngsa kirang suruh | mulane amung têtiga | sanak kula têtiga kang anèng ati | sarwi anglirik ngiwa ||
04.07 Selasyara arine dèn lirik | sarêng dulu wangsane katiga | sarêng samya juput jambe | katiga mucang sampun | Ni Rumsari angling ing ati | kapriye polah ingwang | kang manah ta giyur | yèn ingsun mêlang ing nala | asêsanak kang mulat malang atèni | angur sun rasuk pisan ||
04.08 dimèn padha sun basani adhi | nulya angling Jumêna mènèha | anglêlayanana kene | ing kono akèh batur | ora kurang ing ngladèni |[1] ni wulanjar angucap | buhêna maringsun | age sira maranaa | adan kesah Jumêna mêndhêk ing wuri | Rumsari aris majar ||
04.09 Ni Rumsari lingira amanis | ariningsun katiga sirama | karuhun dipun arèrèh | rama dika pan dangu | anèng masjid kêlawan santri | wu[2] watêking saban |[3] yèn sêmbayang dalu | rare katiga wêcana | inggih kakang nuhun pasihan dikèki | tan sagêt mangsulana ||
04.10 pan tumêdhak wau putra katri | ing sêdyane wau arsa siram | mring bèji ika sêdyane | lampahe mandhêk mangu | wau mulat padhanging sasi | sangsaya mangu lara | ketang duk ing dangu | lagya duk anèng nêgara | nanging ta lah sinamur-samur [[f. 15r]: si...namur-samur] ing ati | dadya angêne ilang ||
04.11 samya siram katiga ing bèji | padhang wulan sasi kapurwanan[4] | prapta ing bèji lampahe | Selasyara amuwus | Selarasa dipun takèni | yayi wus balèk sira | atawa sih durung | kang rayi sih saurira | dèrèng balèk kakang kawula puniki | tandhane yayi apa ||
04.12 tandhanipun kakang kula ngipi | pan kêpanggih kêlawan wanudya | cinêkêl sinungan gantèn | sira tampani iku | botên arsa kula nampèni | kakang kêlawan asta | nanging lawan untu | sun cakot lathine pisan | raka kalih gumujêng atutup lathi | mung samono kewala ||
04.13 muga kithing kakang botên uning | nula[5] kakang lah yèn mêngkatêna | muga busung muga gondhok | Selagănda ris wuwus | yayi ingsun atakèn malih | lah mara tutugêna | Selarasa muwus | kula dèn ajah[6] mring wisma | ing wanita sun êmban tur sun ambungi | sarwi sun urus pisan ||
04.14 Selasyara angrangkul kang rayi | ariningsun apa aran ika | Selarasa lon ature | wikaning wismanipun | kula tutugakên ta malih | dangu ing pagulingan | wong wadon anggarut | anjiwit nyêthot amular | nutên[7] kakang sun sarèkakên tumuli | tur sun bantali asta ||
15 dari 143

 


Kurang satu suku kata: ora kurang ingkang ngladèni. (kembali)
wus (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: uwus watêking saban. (kembali)
kapurnaman. (kembali)
mula. (kembali)
ajak. (kembali)
nuntên (dan di tempat lain). (kembali)