Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
4 dari 40
15–16 dari 143
144–153 dari 1.427
| 04.08 | dimèn padha sun basani adhi | nulya angling Jumêna mènèha | anglêlayanana kene | ing kono akèh batur | ora kurang ing ngladèni |[1] ni wulanjar angucap | buhêna maringsun | age sira maranaa | adan kesah Jumêna mêndhêk ing wuri | Rumsari aris majar || |
| 04.09 | Ni Rumsari lingira amanis | ariningsun katiga sirama | karuhun dipun arèrèh | rama dika pan dangu | anèng masjid kêlawan santri | wu[2] watêking saban |[3] yèn sêmbayang dalu | rare katiga wêcana | inggih kakang nuhun pasihan dikèki | tan sagêt mangsulana || |
| 04.10 | pan tumêdhak wau putra katri | ing sêdyane wau arsa siram | mring bèji ika sêdyane | lampahe mandhêk mangu | wau mulat padhanging sasi | sangsaya mangu lara | ketang duk ing dangu | lagya duk anèng nêgara | nanging ta lah sinamur-samur [[f. 15r]: si...namur-samur] ing ati | dadya angêne ilang || |
| 04.11 | samya siram katiga ing bèji | padhang wulan sasi kapurwanan[4] | prapta ing bèji lampahe | Selasyara amuwus | Selarasa dipun takèni | yayi wus balèk sira | atawa sih durung | kang rayi sih saurira | dèrèng balèk kakang kawula puniki | tandhane yayi apa || |
| 04.12 | tandhanipun kakang kula ngipi | pan kêpanggih kêlawan wanudya | cinêkêl sinungan gantèn | sira tampani iku | botên arsa kula nampèni | kakang kêlawan asta | nanging lawan untu | sun cakot lathine pisan | raka kalih gumujêng atutup lathi | mung samono kewala || |
| 04.13 | muga kithing kakang botên uning | nula[5] kakang lah yèn mêngkatêna | muga busung muga gondhok | Selagănda ris wuwus | yayi ingsun atakèn malih | lah mara tutugêna | Selarasa muwus | kula dèn ajah[6] mring wisma | ing wanita sun êmban tur sun ambungi | sarwi sun urus pisan || |
| 04.14 | Selasyara angrangkul kang rayi | ariningsun apa aran ika | Selarasa lon ature | wikaning wismanipun | kula tutugakên ta malih | dangu ing pagulingan | wong wadon anggarut | anjiwit nyêthot amular | nutên[7] kakang sun sarèkakên tumuli | tur sun bantali asta || |
| 04.15 | apan dangu dènira agosthi[8] | anèng bèji wau apaguyyan | nulya siram katigane | warnanên ingkang kantun | Ni Rumsari kêlawan cèthi | umatur Kèn Jumêna | dhatêng Ni Rumsantun | sampun gusti radi mirang | ing wong ika lir darbe [[f. 15v]] rasaning ati | punika wong pêsaja || |
| 04.16 | sampun gusti radi angêtawis | dipun kadi sadhèrèk priyăngga | Rumsari alon saure | wite babu tyas ingsun | pan kapingin dadulur yakti | yèn warnane sun wangwang | lir Parta tumurun | kumêpyar raosing manah | mulaningsun kadhang lali kadhang iling | dadya salira lupa || |
| 04.17 | wus malêbêt wisma Rumsari |[9] arsa mipis burat pagêgandan | yudha angêlamong arane |[10] akêdhik racikipun | mung sêkawan racikannèki | pala lan têmulawak | unêm datan kantun | pucuk datan kalintangan | kawruhana warnane gănda wêwangi | ika nastitèkêna || |
15–16 dari 143
| 1 | Kurang satu suku kata: ora kurang ingkang ngladèni. (kembali) |
| 2 | wus (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: uwus watêking saban. (kembali) |
| 4 | kapurnaman. (kembali) |
| 5 | mula. (kembali) |
| 6 | ajak. (kembali) |
| 7 | nuntên (dan di tempat lain). (kembali) |
| 8 | anggosthi. (kembali) |
| 9 | Kurang satu suku kata: wus malêbêt wisma Ni Rumsari. (kembali) |
| 10 | Lebih satu suku kata: yudha anglamong arane. (kembali) |