Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 40
19–20 dari 143
184–193 dari 1.427
05.19 iya kakang Ujum [[f. 18v]: Uju...m] mulaningsun prapta | ajujuk dhatêng ngriki | ingsun ora pana | anjaluk tulung ingwang | kya patih sigra bêbisik | Ujum angucap | lah iya kyai patih ||
05.20 ingsun sanggup angartèni aturêna | marang sri narapati | manira wus wikan | ipening sri nalendra | nanging ingsun arêp jangji | ingkang sun têdha | Sêlame sri bupati ||
05.21 lawan sira ki patih padha Sêlama | kya patih anauri | inggih ta lah kakang | sampun ta kêlayatan | tumulya sami anitih | kalih ing kuda | kêlawan Ujum Sidik ||
05.22 gêgancangan ki patih asêsandêran | Ki Ujum Sidik iki | praptane ing kitha | garjita kathah mulat | sapraptanira ki patih | kampah kang kuda | nèng gêledhegan jawi ||
05.23 sri nalendra aris dènira ngandika | ing kene parêk mami | aglis angandikan | patih ing panangkilan | kalihan Ki Ujum Sidik | amamêndhapan | patih lan Ujum Sidik ||
05.24 Sri Nalendra ing Atashulu ngandika | dhatêng rêkyana patih | ulih sira patya | marang kang bisa nyêtha | sakathahe ipèn mami | patih tur sêmbah | punika kang kapiring[1] ||
05.25 kakang patih Ki Ujum kon marang ngarsa | mêngko sun têtakoni | kya patih angucap | Ki Ujum pêkênira | ingandikan dening gusti | mangsah ing ngarsa | wau Ki [[f. 19r]] Ujum Sidik ||
05.26 sri nalendra aris dènira ngandika | hi kene parêk mami | hèh Ki Ujum sira | bisa ngarti supêna | Ki Ujum ature aris | inggih sang nata | kawula ananggupi ||
05.27 nanging wontên kawula têdha sang nata | yèn sampeyan dhatêngi | asru angandika | mangke sri naranata | aja sira walang ati | sakarêpira | mêngko ingsun nêkani ||
05.28 sakarêmu[2] măngsa sun suwalanana | badhenên iku dhingin | ingsun dêlêng teja | prênahe êlor wetan | Ujum Sidik matur aris | sampun de pajar | kawula ngawikani ||
19–20 dari 143

 


kapering (dan di tempat lain). (kembali)
sakarêpmu. (kembali)