Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5 dari 40
19–20 dari 143
189–198 dari 1.427
| 05.24 | Sri Nalendra ing Atashulu ngandika | dhatêng rêkyana patih | ulih sira patya | marang kang bisa nyêtha | sakathahe ipèn mami | patih tur sêmbah | punika kang kapiring[1] || |
| 05.25 | kakang patih Ki Ujum kon marang ngarsa | mêngko sun têtakoni | kya patih angucap | Ki Ujum pêkênira | ingandikan dening gusti | mangsah ing ngarsa | wau Ki [[f. 19r]] Ujum Sidik || |
| 05.26 | sri nalendra aris dènira ngandika | hi kene parêk mami | hèh Ki Ujum sira | bisa ngarti supêna | Ki Ujum ature aris | inggih sang nata | kawula ananggupi || |
| 05.27 | nanging wontên kawula têdha sang nata | yèn sampeyan dhatêngi | asru angandika | mangke sri naranata | aja sira walang ati | sakarêpira | mêngko ingsun nêkani || |
| 05.28 | sakarêmu[2] măngsa sun suwalanana | badhenên iku dhingin | ingsun dêlêng teja | prênahe êlor wetan | Ujum Sidik matur aris | sampun de pajar | kawula ngawikani || |
| 05.29 | ing supêna paduka ningali teja | têtiga kang kaèsi | saking ngalor wetan | sumorot dhatêng pura | kabar saisining puri | malah sang nata | mêlajêng dèn tututi || |
| 05.30 | sri nalendra mêlajêng karangkang-rangkang | paduka kêbyur warih | murup lir dahana | teja ngadêg ing pura | amadhangi wong sabumi | duk anèng kêdah | isining mănwarni[3] |[4]| |
| 05.31 | rupa tai ana kang rupa bathang |[5] ambune mocawarni[6] | mambu kakêmbangan | hèrgulo lan hèrmawar | tanapi garu kasturi | garu kalêmbak | sawarnining kang wangi || |
| 05.32 | angandika wau sang sri naradipa | bêtul kata lu ini | iya artènana | kaparèkên ing sira | Ujum Sidik matur aris | teja têtiga | jênênging wong abêcik || |
| 05.33 | nênggih wontên rare têtiga molana | sinihan ing Yang Widi | ujare [[f. 19v]] petangan | mangke wus anèng desa | paminggir tuwan ing ngriki | rare punika | kang badhe dados aji || |
19–20 dari 143
| 1 | kapering (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | sakarêpmu. (kembali) |
| 3 | măncawarni. (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: isining măncawarni. (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata: rupa tai ana kang rupa bêbathang. (kembali) |
| 6 | măncawarni. (kembali) |