Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5 dari 40
20–21 dari 143
194–203 dari 1.427
| 05.29 | ing supêna paduka ningali teja | têtiga kang kaèsi | saking ngalor wetan | sumorot dhatêng pura | kabar saisining puri | malah sang nata | mêlajêng dèn tututi || |
| 05.30 | sri nalendra mêlajêng karangkang-rangkang | paduka kêbyur warih | murup lir dahana | teja ngadêg ing pura | amadhangi wong sabumi | duk anèng kêdah | isining mănwarni[1] |[2]| |
| 05.31 | rupa tai ana kang rupa bathang |[3] ambune mocawarni[4] | mambu kakêmbangan | hèrgulo lan hèrmawar | tanapi garu kasturi | garu kalêmbak | sawarnining kang wangi || |
| 05.32 | angandika wau sang sri naradipa | bêtul kata lu ini | iya artènana | kaparèkên ing sira | Ujum Sidik matur aris | teja têtiga | jênênging wong abêcik || |
| 05.33 | nênggih wontên rare têtiga molana | sinihan ing Yang Widi | ujare [[f. 19v]] petangan | mangke wus anèng desa | paminggir tuwan ing ngriki | rare punika | kang badhe dados aji || |
| 05.34 | gih punika yèn dhatêng rahmating Allah | kang anggêcêk nêgari | angrusak paduka | ingkang gêntosi Nata | ing Atashulu nêgari | langkung dikjaya | kang wontên ingkang musuhi |[5]| |
| 05.35 | balèk pisan wancine rare punika | dening sêmune kupi | gêdhah isi gănda | amis bacin punika | têgêse sri narapati | pan ari tuwan | awon pênêd kapusthi || |
| 05.36 | prandenepun[6] kathah ratu ulubalang | inggih [[f. 20r]] botên nguruti | rarèku kuwasa | lan wus jangjining Allah | nêgara tuwan ing ngriki | pasthi yèn bubar | sajroning taun iki || |
| 05.37 | gih punika ingkang jumênêng nalendra | saengga nutên mati | ing sasi punika | rare kang sakatiga | manawi tan tulus gusti | rusak paduka | punika atur mami || |
| 05.38 | amung sasi punika paduka nata | yèn arsa angungkuli | ing rare punika | yèn ugi datan pêjah | ing sasi Sapar puniki | benjing sampeyan | datan wontên kang nyanggi || |
20–21 dari 143
| 1 | măncawarni. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: isining măncawarni. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: rupa tai ana kang rupa bêbathang. (kembali) |
| 4 | măncawarni. (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata: kang wontên kang musuhi. (kembali) |
| 6 | prandenipun. (kembali) |