Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6 dari 40
23–24 dari 143
223–232 dari 1.427
| 06.10 | wus bubar sadaya sami | kyana patih wus luwaran | ismu sungkawa mantuke | punggawa ka[1] lumaksana | prapta ing jawi kitha | kang tangis umyang gumuruh | kadya gègèr ingintêran || |
| 06.11 | kang lênggana dèn patèni | kang nutut samya binêkta | têbe[2] pitung dina mangke | ulihe bêbêthèk bacah | olèhe tigang nambang | ingkang mêlayu dèn susul | dening ingkang langlang dalan || |
| 06.12 | akèh bawaning wong cilik | angukuhi trêsnanira | anakèni răndha kilèn | lanang wayah saprajakan | wau wus pinaranan | nulya dèn gulungi kasur | amrih aja kawênangan || |
| 06.13 | kithing-kithing dèn takèni | ngaku ara duwe anak | dèn panjingi paturone | katon sikile angodha | ya ta dèn tumbak pisan | ajur têkan kasuripun | dèn byoki gêgaman kathah || |
| 06.14 | wontên winuwus malih |[3] anake patigi[4] wetan | amung sawiji anake | dèn umpêtakên ing jugang | dèn pêndhêm pindhah makam | sulasih rurube dhuwur | ngulon dagan [[f. 22r]: daga...n] sinung mesan || |
| 06.15 | parandene lami-lami | kababar dening tatăngga | kang padha sêrik atine | wruh lagi kinirim sêkar | pajaring kajinêman | pinaranan kinarubut | dening gêgaman akathah || |
| 06.16 | kathah pratingkahe sami | wontên malih kawuwusa | ing desa Mundhu wastane | Ki Lubama wastanira | kadhatêngan gêgaman | desane sampun dèn kêpung | piniwayah kajinêman || |
| 06.17 | wong sêkawan kang lêbêti | kandhêk ing masjid kiwala | akèn mêdala kang darbe | masjid Ki Lubama mêdal | nulya alêlinggihan | kajinêman samya muwus | papat sami awêcana || |
| 06.18 | kawula iki kiyai | andhawuhakên tibalan | ing gusti desa kabèhe | sakathahe wong prajaka | pinundhut ing sang nata | sanugal[5] aja na kantun | jêngandika aturêna || |
| 06.19 | sing sapa kayuna [[f. 22v]: kayun...a] urip | dèn enggal angaturêna | mung binabêthèk kimawon | yèn ara dèn aturêna | pan kathah kang rinêksa | tinataban sinalusur | prajakane kathah pêjah || |
23–24 dari 143
| 1 | kang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | têmbe (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: wontên winuwusa malih. (kembali) |
| 4 | patinggi. (kembali) |
| 5 | sanunggal (dan di tempat lain). (kembali) |