Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 40
23–24 dari 143
230–239 dari 1.427
06.17 wong sêkawan kang lêbêti | kandhêk ing masjid kiwala | akèn mêdala kang darbe | masjid Ki Lubama mêdal | nulya alêlinggihan | kajinêman samya muwus | papat sami awêcana ||
06.18 kawula iki kiyai | andhawuhakên tibalan | ing gusti desa kabèhe | sakathahe wong prajaka | pinundhut ing sang nata | sanugal[1] aja na kantun | jêngandika aturêna ||
06.19 sing sapa kayuna [[f. 22v]: kayun...a] urip | dèn enggal angaturêna | mung binabêthèk kimawon | yèn ara dèn aturêna | pan kathah kang rinêksa | tinataban sinalusur | prajakane kathah pêjah ||
06.20 kawula pan maksih iling | andika guru kawula | eman rusaka linggihe | marmine kawula prapta | purun anangguhana | andika gawaa iku | sampun lêga ingkang titah ||
06.21 kawula têdha ing mangkin | mênawi dhatêng wong kathah | dados punapa têmahe | Ki Lubama awêcana | sarwi angêmu waspa | sakèhe prajaka kaum | padha kumpul marenea ||
06.22 sadesa Mundhu dèn kêrik | sakathahe bacah lanang | angsal tigang dasa gunge | anake marbot kalipah | mudin kêtibe pisan | sugih ingkang darbe sunu | lanang sampun sami kasrah ||
06.23 punang kajinêman angling | mula aming sapunika | gunge prajaka ing kene | pacuwan ana kantuna | Ki Lubama wêcana | baya batên wontên kantun | manira tan darbe anak ||
06.24 duwe anak wadon siji | inggih pêkênira wikan | amung punika kathahe | amit punang kajinêman | kabèh padha lumampah | sakèh gêgaman wus mundur | Ki Lubama matuk sigra ||
06.25 sapraptane wisma mangkin | pinapag [[f. 23r]: pina...pag] ing putranira | sêkawan ngujungi kabèh | sakêlangkung bungah |[2] Ni Rumsari karuna | angrangkul sarya amuwus | rama kapêrentah nata ||
06.26 Lubama aris nauri | adhuh anak ingsun êmas | parentahing ratu mêngko | angêrigi bacah lanang | sing sapa adêrbea | prajaka rèh ing ratu |[3] tinrapakên i parentah ||
23–24 dari 143

 


sanunggal (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang dua suku kata: sakêlangkung bungahira. (kembali)
Kurang satu suku kata: prajaka karèh ing ratu. (kembali)