Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6 dari 40
24–25 dari 143
235–244 dari 1.427
| 06.22 | sadesa Mundhu dèn kêrik | sakathahe bacah lanang | angsal tigang dasa gunge | anake marbot kalipah | mudin kêtibe pisan | sugih ingkang darbe sunu | lanang sampun sami kasrah || |
| 06.23 | punang kajinêman angling | mula aming sapunika | gunge prajaka ing kene | pacuwan ana kantuna | Ki Lubama wêcana | baya batên wontên kantun | manira tan darbe anak || |
| 06.24 | duwe anak wadon siji | inggih pêkênira wikan | amung punika kathahe | amit punang kajinêman | kabèh padha lumampah | sakèh gêgaman wus mundur | Ki Lubama matuk sigra || |
| 06.25 | sapraptane wisma mangkin | pinapag [[f. 23r]: pina...pag] ing putranira | sêkawan ngujungi kabèh | sakêlangkung bungah |[1] Ni Rumsari karuna | angrangkul sarya amuwus | rama kapêrentah nata || |
| 06.26 | Lubama aris nauri | adhuh anak ingsun êmas | parentahing ratu mêngko | angêrigi bacah lanang | sing sapa adêrbea | prajaka rèh ing ratu |[2] tinrapakên i parentah || |
| 06.27 | supami arsanirèki | Ni Rumsari tanpa ngucap | langkung maraste[3] atine | alon matur mring kang rama | lah kaparèpun rama | sanak kawula têtêlu | dayane lah yèn gêsanga || |
| 06.28 | kawruhana pasthi mati | paran ta polah manira | yayi kapriye dayane | lah yèn ora yayi lunga | ngungsi liya nêgara | eman mati sanak ingsun | durung mukti sing nêgara || |
| 06.29 | angur lunga saking ngriki | ingsun milu lara lapa | ingsun sukan kari mangko | saparane yayi lunga | sakake dèn cangkinga | yèn têka ing paran bisuk | dadia sanak kawula || |
| 06.30 | Ki Lubama muwus aris | iku iwuhe si bapa | sing ngêndi margane lolos | kathah dalan tinuguran | watêke binarisan | saking ngêndi marganipun | iku iwuhe si bapa || |
| 06.31 | Selarasa [[f. 23v]] muwus aris | aja na kang walang driya | dèn gawa pisan dimène | dening kokonane nata | sumăngga yèn pêjaha | aja sira milu-milu | ing pati măngsa wandea || |
24–25 dari 143
| 1 | Kurang dua suku kata: sakêlangkung bungahira. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: prajaka karèh ing ratu. (kembali) |
| 3 | marase. (kembali) |