Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 40
24–25 dari 143
237–246 dari 1.427
06.24 duwe anak wadon siji | inggih pêkênira wikan | amung punika kathahe | amit punang kajinêman | kabèh padha lumampah | sakèh gêgaman wus mundur | Ki Lubama matuk sigra ||
06.25 sapraptane wisma mangkin | pinapag [[f. 23r]: pina...pag] ing putranira | sêkawan ngujungi kabèh | sakêlangkung bungah |[1] Ni Rumsari karuna | angrangkul sarya amuwus | rama kapêrentah nata ||
06.26 Lubama aris nauri | adhuh anak ingsun êmas | parentahing ratu mêngko | angêrigi bacah lanang | sing sapa adêrbea | prajaka rèh ing ratu |[2] tinrapakên i parentah ||
06.27 supami arsanirèki | Ni Rumsari tanpa ngucap | langkung maraste[3] atine | alon matur mring kang rama | lah kaparèpun rama | sanak kawula têtêlu | dayane lah yèn gêsanga ||
06.28 kawruhana pasthi mati | paran ta polah manira | yayi kapriye dayane | lah yèn ora yayi lunga | ngungsi liya nêgara | eman mati sanak ingsun | durung mukti sing nêgara ||
06.29 angur lunga saking ngriki | ingsun milu lara lapa | ingsun sukan kari mangko | saparane yayi lunga | sakake dèn cangkinga | yèn têka ing paran bisuk | dadia sanak kawula ||
06.30 Ki Lubama muwus aris | iku iwuhe si bapa | sing ngêndi margane lolos | kathah dalan tinuguran | watêke binarisan | saking ngêndi marganipun | iku iwuhe si bapa ||
06.31 Selarasa [[f. 23v]] muwus aris | aja na kang walang driya | dèn gawa pisan dimène | dening kokonane nata | sumăngga yèn pêjaha | aja sira milu-milu | ing pati măngsa wandea ||
06.32 Ki Lubama anauri | nadyan dadia kêlalar | pun paman barênga lonjor | iki silih anak ingwang | babohane[4] kawula | wajib istiyar karuhun | wong lara wênang têtaba ||
06.33 ing pati dipun singgahi | iku istiyare gêsang | kang layak panêdhaning wong | muga singgahênèng bala | sêlamêting sarira | Ki Selagănda sumaur | pan botên kenging suminggah ||
24–25 dari 143

 


Kurang dua suku kata: sakêlangkung bungahira. (kembali)
Kurang satu suku kata: prajaka karèh ing ratu. (kembali)
marase. (kembali)
bobohane. (kembali)