Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6 dari 40
24–25 dari 143
240–249 dari 1.427
| 06.27 | supami arsanirèki | Ni Rumsari tanpa ngucap | langkung maraste[1] atine | alon matur mring kang rama | lah kaparèpun rama | sanak kawula têtêlu | dayane lah yèn gêsanga || |
| 06.28 | kawruhana pasthi mati | paran ta polah manira | yayi kapriye dayane | lah yèn ora yayi lunga | ngungsi liya nêgara | eman mati sanak ingsun | durung mukti sing nêgara || |
| 06.29 | angur lunga saking ngriki | ingsun milu lara lapa | ingsun sukan kari mangko | saparane yayi lunga | sakake dèn cangkinga | yèn têka ing paran bisuk | dadia sanak kawula || |
| 06.30 | Ki Lubama muwus aris | iku iwuhe si bapa | sing ngêndi margane lolos | kathah dalan tinuguran | watêke binarisan | saking ngêndi marganipun | iku iwuhe si bapa || |
| 06.31 | Selarasa [[f. 23v]] muwus aris | aja na kang walang driya | dèn gawa pisan dimène | dening kokonane nata | sumăngga yèn pêjaha | aja sira milu-milu | ing pati măngsa wandea || |
| 06.32 | Ki Lubama anauri | nadyan dadia kêlalar | pun paman barênga lonjor | iki silih anak ingwang | babohane[2] kawula | wajib istiyar karuhun | wong lara wênang têtaba || |
| 06.33 | ing pati dipun singgahi | iku istiyare gêsang | kang layak panêdhaning wong | muga singgahênèng bala | sêlamêting sarira | Ki Selagănda sumaur | pan botên kenging suminggah || |
| 06.34 | Ni Rumsari ngrangkul aris | ing warganira kang tiga | adhuh yayi kaparimèn | mara adhining si kakang | sira têka ing pêjah | praliwat panêdhaningsun | kang dhingin padha matia || |
| 06.35 | Selarasa muwus aris | dhatêng Ki Pêkir Lubama | botên pêjah kula mangke | andika ta lilakêna | kula pralabi surya | batên pati-pati surup | yèn dèrèng pati ing măngsa || |
| 06.36 | Lubama angling aririh | iya anakipun bapa | iya silih kaya priye | Selarasa wuwusira | dening daya kawula | kula kesah wong tatêlu | kyai dika katuna[3] |[4]| |
24–25 dari 143
| 1 | marase. (kembali) |
| 2 | bobohane. (kembali) |
| 3 | kantuna. (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: kiyai dika kantuna. (kembali) |