Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 40
25–26 dari 143
247–256 dari 1.427
06.34 Ni Rumsari ngrangkul aris | ing warganira kang tiga | adhuh yayi kaparimèn | mara adhining si kakang | sira têka ing pêjah | praliwat panêdhaningsun | kang dhingin padha matia ||
06.35 Selarasa muwus aris | dhatêng Ki Pêkir Lubama | botên pêjah kula mangke | andika ta lilakêna | kula pralabi surya | batên pati-pati surup | yèn dèrèng pati ing măngsa ||
06.36 Lubama angling aririh | iya anakipun bapa | iya silih kaya priye | Selarasa wuwusira | dening daya kawula | kula kesah wong tatêlu | kyai dika katuna[1] |[2]|
06.37 Ki Lubama anauri | adhuh nyawa baya kêna [[f. 24r]: kê...na] | pan wus kapêgatan kabèh | arêp ngusi ngêndi sira | măngsa wurung kacêgat | angur mati barêng ingsun | gusti sira aja lunga ||
06.38 Selarasa anauri | kados botêna apêjah | yèn maksih rinêksa rèhe | Ki Lubama awêcana | kapriye kakangira | Ni Rumsari aja kantun | gawanên saparanira ||
06.39 dening ta lah ingsun gusti | nadyan tumêka ing pêjah | ingsun lakonane dhewe | sok sira uga tulusa | salamêta ing paran | dadia sira wong agung | lan anak ingsun sêdaya ||
06.40 nadyan tumêka ing pati | ingsun lila ing akherat | pan wus ana kaluhane | wus sun wuruk ngaji Kuran | lagi aliting kuna | ngaji kitab sampun putus | malah têkèng kasampurnan ||
06.41 amung ta dèn ati-ati | dèn pancêr ing panarima | ing Pangeran kang sadya ngroh | lawan iku kakangira | iku gawanên lunga | barêng mati lan sirèku | aja pisah saking sira ||
06.42 Selarasa sarêng amit | kêlawan Ki Selagănda | Selasyara dèn wuwuse | kang êmbok punapa karsa | tumut utawi ara | mêna[3] tan kêlar bisuk |[4] angêlampahi lara lapa |[5]|
06.43 Rumsari angrangkul aris | wau [[f. 24v]] dhatêng arinira | adhuh yayi ingsun êmas |[6] upama dèn karèkêna | pasthi lah yèn lênggana | angur mati nèng dêlanggung | sumande pisah lan sira ||
25–26 dari 143

 


kantuna. (kembali)
Kurang satu suku kata: kiyai dika kantuna. (kembali)
mênawi. (kembali)
Kurang satu suku kata: mênawi tan kêlar besuk. (kembali)
Lebih satu suku kata: anglampahi lara lapa. (kembali)
Biasanya guru lagu e(o). (kembali)