Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 40
26–27 dari 143
252–261 dari 1.427
06.39 dening ta lah ingsun gusti | nadyan tumêka ing pêjah | ingsun lakonane dhewe | sok sira uga tulusa | salamêta ing paran | dadia sira wong agung | lan anak ingsun sêdaya ||
06.40 nadyan tumêka ing pati | ingsun lila ing akherat | pan wus ana kaluhane | wus sun wuruk ngaji Kuran | lagi aliting kuna | ngaji kitab sampun putus | malah têkèng kasampurnan ||
06.41 amung ta dèn ati-ati | dèn pancêr ing panarima | ing Pangeran kang sadya ngroh | lawan iku kakangira | iku gawanên lunga | barêng mati lan sirèku | aja pisah saking sira ||
06.42 Selarasa sarêng amit | kêlawan Ki Selagănda | Selasyara dèn wuwuse | kang êmbok punapa karsa | tumut utawi ara | mêna[1] tan kêlar bisuk |[2] angêlampahi lara lapa |[3]|
06.43 Rumsari angrangkul aris | wau [[f. 24v]] dhatêng arinira | adhuh yayi ingsun êmas |[4] upama dèn karèkêna | pasthi lah yèn lênggana | angur mati nèng dêlanggung | sumande pisah lan sira ||
06.44 panêdhaningsun ing Widi | ing wêngi lawan raina | barêng mati lan awake | lan bisun[5] anèng akherat | wong tatêlu panggiha | dadia sadulur ingsun | iku sêtyaning si kakang ||
06.45 yèn mêngkatêna kiyai | dèn pênêt kawula tilar | dèn agung pangapuntêne | Ki Lubama aris majar | puma aja pêpeka | lah miyanga mupung dalu | malar aja kawênangan ||
06.46 putra sêkawan tur bakti | barêng anêmbah sêdaya | Selasyara dèn wuwuse | kiyai amit kawula | anak manira nêdha | manawa na dudunipun | aja kurang pangapura ||
06.47 sakatiga amlasasih | dening nêdha pangapura | Lubama mêdal waspane | putra sêkawan wus mêdal | sami kêkanthèn asta | ing têngah Nikèn Rumsantun | sampun lêpas lampahira ||
06.48 têngah dalu wêtaraning | kesahe angidul ngetan | saksana katingal bae | ing margi gêni apadhang | Selara[6] wêcana |[7] ingkang kêmit ing dêlanggung | lah kakang mêgatrokêna ||
26–27 dari 143

 


mênawi. (kembali)
Kurang satu suku kata: mênawi tan kêlar besuk. (kembali)
Lebih satu suku kata: anglampahi lara lapa. (kembali)
Biasanya guru lagu e(o). (kembali)
bisuk (dan di tempat lain). (kembali)
Selarasa. (kembali)
Kurang satu suku kata: Selarasa wêcana. (kembali)