Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6–7 dari 40
26–27 dari 143
257–266 dari 1.427
06.44 panêdhaningsun ing Widi | ing wêngi lawan raina | barêng mati lan awake | lan bisun[1] anèng akherat | wong tatêlu panggiha | dadia sadulur ingsun | iku sêtyaning si kakang ||
06.45 yèn mêngkatêna kiyai | dèn pênêt kawula tilar | dèn agung pangapuntêne | Ki Lubama aris majar | puma aja pêpeka | lah miyanga mupung dalu | malar aja kawênangan ||
06.46 putra sêkawan tur bakti | barêng anêmbah sêdaya | Selasyara dèn wuwuse | kiyai amit kawula | anak manira nêdha | manawa na dudunipun | aja kurang pangapura ||
06.47 sakatiga amlasasih | dening nêdha pangapura | Lubama mêdal waspane | putra sêkawan wus mêdal | sami kêkanthèn asta | ing têngah Nikèn Rumsantun | sampun lêpas lampahira ||
06.48 têngah dalu wêtaraning | kesahe angidul ngetan | saksana katingal bae | ing margi gêni apadhang | Selara[2] wêcana |[3] ingkang kêmit ing dêlanggung | lah kakang mêgatrokêna ||
7. Mêgatruh
07.01 kagêk[4] mangke ên-gènira[5] alêlaku | ningali ana wong baris | ing marga sami atugur | udakawis wong nêm biting | katon gêninipun montor [[f. 25r]] ||
07.02 Selarasa matur ingkang raka wau | kakang dèn prayitna sami | punika marganing lampus | kang êmbok tan wurung mati | sing pundi margane lolos ||
07.03 Ni Rumsari adan remane dèn gêlung | nulya aningsêti tapèh |[6] bêngkung sarya amuwus |[7] bok ngapa yèn barêng mati | wong papat barêng angêlonjor |[8]|
07.04 ora maras ara barang atiningsun | nadyan matia tan gingsir | babo ane wong tumuwuh | dudu kawulaning Widi | yèn lêngganaa ing pakon ||
07.05 nanging ana yayi alèh ingsun guru | pêrantine wong mêmaling | sêsirêp karangdhan[9] iku | arane pan luwih mandi | sun cacake padha mêngko ||
26–27 dari 143

 


bisuk (dan di tempat lain). (kembali)
Selarasa. (kembali)
Kurang satu suku kata: Selarasa wêcana. (kembali)
kanggêg. (kembali)
ênggènira (kembali)
Biasanya guru lagu i: tapih. (kembali)
Kurang satu suku kata: abêngkung sarya amuwus. (kembali)
Lebih satu suku kata: wong papat barêng anglonjor. (kembali)
karandhan. (kembali)