Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 40
22–23 dari 143
219–228 dari 1.427
06.06 kyana patih asru angling | ing sakèh para punggawa | satriya panglima kabèh | pun rama andhawuhna |[1] pangandika sang nata | ingkang dêrbe anak jalu | dèn samya angaturêna ||
06.07 lan sakèh para prajurit | lampahira lumaksana | amidêr matèni rare | lah sakyèhing kajinêman | sira sun andum paran | agawaa wong rong èwu | sakyèh dalan tugurana ||
06.08 mênawa na wong kang nyilib | lali sihe mring sang nata | trisna mring anak rabine | tan wande dèn gawa lunga | pacuwan kasiliban | bisuk bêndune sang prabu | pêjahe ingkang prênesan ||
06.09 sêdaya asaur pêksi | sagunge kang katibalan [[f. 21v]: katiba...lan] | wus mangkat ika lampahe | mêngkana mantri punggawa | ingkang amawi suta | mantuk samya ngusapi luh | kèwêdan ajrih ing nata ||
06.10 wus bubar sadaya sami | kyana patih wus luwaran | ismu sungkawa mantuke | punggawa ka[2] lumaksana | prapta ing jawi kitha | kang tangis umyang gumuruh | kadya gègèr ingintêran ||
06.11 kang lênggana dèn patèni | kang nutut samya binêkta | têbe[3] pitung dina mangke | ulihe bêbêthèk bacah | olèhe tigang nambang | ingkang mêlayu dèn susul | dening ingkang langlang dalan ||
06.12 akèh bawaning wong cilik | angukuhi trêsnanira | anakèni răndha kilèn | lanang wayah saprajakan | wau wus pinaranan | nulya dèn gulungi kasur | amrih aja kawênangan ||
06.13 kithing-kithing dèn takèni | ngaku ara duwe anak | dèn panjingi paturone | katon sikile angodha | ya ta dèn tumbak pisan | ajur têkan kasuripun | dèn byoki gêgaman kathah ||
06.14 wontên winuwus malih |[4] anake patigi[5] wetan | amung sawiji anake | dèn umpêtakên ing jugang | dèn pêndhêm pindhah makam | sulasih rurube dhuwur | ngulon dagan [[f. 22r]: daga...n] sinung mesan ||
06.15 parandene lami-lami | kababar dening tatăngga | kang padha sêrik atine | wruh lagi kinirim sêkar | pajaring kajinêman | pinaranan kinarubut | dening gêgaman akathah ||
22–23 dari 143

 


Kurang satu suku kata: pun rama andhawuhêna. (kembali)
kang (dan di tempat lain). (kembali)
têmbe (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: wontên winuwusa malih. (kembali)
patinggi. (kembali)