Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
7 dari 40
28–29 dari 143
272–281 dari 1.427
| 07.11 | wus ta yayi padha mênênga karuhun | Ni Rumsari mara dhingin | sigra ngambil lêmah sampun | amatêk sêsirêp aglis | ngadêk sukune kang wiyos || |
| 07.12 | kang sawiji sikil tumupang[1] ing pupu | nulya abalang lan siti | sampun ping kalih angutus | ana nyapa wong sawiji | sapa angadêg ing kono || |
| 07.13 | ya ta kagèt bature padha sumaur | ana uwong saking ngêndi | ana ing bing kono mau | mudhuk-muke[2] mariki |[3] lah iku sih apa katon || |
| 07.14 | wong sakawan batur kathahe wong iku | padha dèn angati-ati | iku wong arêp marêjul | batur cêgatên dèn aglis | Rumsari mara angêlojok |[4]| |
| 07.15 | pratèng[5] ngarsaning baris nulya anggutut | lan lêmah sapisan maning | wus jangkêp bali ping têlu | wong kang baris angrasaning | arip turu ting kalojor || |
| 07.16 | saking sangêt sêsirêpe kang dhumawuh | sakathahe ingkang kêmit | ana turu sambi lungguh | wong kang nyapa ing Rumsari | turu ngadêk sambi ngorok || |
| 07.17 | Ni Rumsari gupuh sira nulya wangsul | marani dhatêng kang rayi | yayi payo padha wangsul | dèn ganjang[6] aja baribin | mupung wus padha andhêkok || |
| 07.18 | ing karsane rayi nara sakatêlu | andhèrèk kang raka sami | ya ta lamun wadon punjul | ayu rupane tur [[f. 26r]] sakti | boya tuk sihe Yang Manon || |
| 07.19 | aglis mitar mangke kawarnaa wau | dèn sêrang têngahe baris | angidêk-idêk wong turu | wênèh turune alinggih | sarwi ngadhêpi cêcêpon || |
| 07.20 | lagi mangan kasirêp anulya turu | sêkule maksih ing pipi | ngame lan kaburu turu | dening wong kang lagi ngising | turune maksih jêjêngku |[7]| |
28–29 dari 143
| 1 | tumumpang. (kembali) |
| 2 | mundhuk-mundhuke. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: mudhuk-mudhuke mariki. (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata: Rumsari mara anglojok. (kembali) |
| 5 | praptèng (dan di tempat lain).. (kembali) |
| 6 | gancang. (kembali) |
| 7 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |