Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 40
28–29 dari 143
275–284 dari 1.427
07.14 wong sakawan batur kathahe wong iku | padha dèn angati-ati | iku wong arêp marêjul | batur cêgatên dèn aglis | Rumsari mara angêlojok |[1]|
07.15 pratèng[2] ngarsaning baris nulya anggutut | lan lêmah sapisan maning | wus jangkêp bali ping têlu | wong kang baris angrasaning | arip turu ting kalojor ||
07.16 saking sangêt sêsirêpe kang dhumawuh | sakathahe ingkang kêmit | ana turu sambi lungguh | wong kang nyapa ing Rumsari | turu ngadêk sambi ngorok ||
07.17 Ni Rumsari gupuh sira nulya wangsul | marani dhatêng kang rayi | yayi payo padha wangsul | dèn ganjang[3] aja baribin | mupung wus padha andhêkok ||
07.18 ing karsane rayi nara sakatêlu | andhèrèk kang raka sami | ya ta lamun wadon punjul | ayu rupane tur [[f. 26r]] sakti | boya tuk sihe Yang Manon ||
07.19 aglis mitar mangke kawarnaa wau | dèn sêrang têngahe baris | angidêk-idêk wong turu | wênèh turune alinggih | sarwi ngadhêpi cêcêpon ||
07.20 lagi mangan kasirêp anulya turu | sêkule maksih ing pipi | ngame lan kaburu turu | dening wong kang lagi ngising | turune maksih jêjêngku |[4]|
07.21 kagowokan[5] sakèhing kang won turu |[6] Selarasa ningali |[7] digapare adharudhut | sampun angliwati baris | kang rayi katiga gawok ||
07.22 nulya nyêgat Ki Selarasa mring ngayun | matur dhatêng raka kalih | kakang kula amit wangsul | kang turu kawula tangi | mangkin kula lawan guco[8] ||
07.23 sampun tumut paduka kalih di dipun | mangke kawula kêmbari | saking panas atiningsun | katuwone ratu kapir | parentahe kaya bêgok ||
28–29 dari 143

 


Lebih satu suku kata: Rumsari mara anglojok. (kembali)
praptèng (dan di tempat lain).. (kembali)
gancang. (kembali)
Biasanya guru lagu o. (kembali)
kagawokan. (kembali)
Kurang satu suku kata: kagawokan sakèhing kang awon turu. (kembali)
Kurang satu suku kata: Selarasa aningali. (kembali)
Variasi: goco (dan di tempat lain). (kembali)