Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
7 dari 40
28–29 dari 143
277–286 dari 1.427
| 07.16 | saking sangêt sêsirêpe kang dhumawuh | sakathahe ingkang kêmit | ana turu sambi lungguh | wong kang nyapa ing Rumsari | turu ngadêk sambi ngorok || |
| 07.17 | Ni Rumsari gupuh sira nulya wangsul | marani dhatêng kang rayi | yayi payo padha wangsul | dèn ganjang[1] aja baribin | mupung wus padha andhêkok || |
| 07.18 | ing karsane rayi nara sakatêlu | andhèrèk kang raka sami | ya ta lamun wadon punjul | ayu rupane tur [[f. 26r]] sakti | boya tuk sihe Yang Manon || |
| 07.19 | aglis mitar mangke kawarnaa wau | dèn sêrang têngahe baris | angidêk-idêk wong turu | wênèh turune alinggih | sarwi ngadhêpi cêcêpon || |
| 07.20 | lagi mangan kasirêp anulya turu | sêkule maksih ing pipi | ngame lan kaburu turu | dening wong kang lagi ngising | turune maksih jêjêngku |[2]| |
| 07.21 | kagowokan[3] sakèhing kang won turu |[4] Selarasa ningali |[5] digapare adharudhut | sampun angliwati baris | kang rayi katiga gawok || |
| 07.22 | nulya nyêgat Ki Selarasa mring ngayun | matur dhatêng raka kalih | kakang kula amit wangsul | kang turu kawula tangi | mangkin kula lawan guco[6] || |
| 07.23 | sampun tumut paduka kalih di dipun | mangke kawula kêmbari | saking panas atiningsun | katuwone ratu kapir | parentahe kaya bêgok || |
| 07.24 | kawulane sêkabèhe padha mêsum | têka nêmbah ing wong kapir | Asêlame arah-uruh | angur kawula amuke |[7] Selagănda muwus alon || |
| 07.25 | aja gusti Selarasa aris muwus | apa bêcike yèn uwis | kacêkêla kita iku | tan wande kita ngêmasi | angur aja lunga sing gon || |
28–29 dari 143
| 1 | gancang. (kembali) |
| 2 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
| 3 | kagawokan. (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: kagawokan sakèhing kang awon turu. (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata: Selarasa aningali. (kembali) |
| 6 | Variasi: goco (dan di tempat lain). (kembali) |
| 7 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |