Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
7 dari 40
28–29 dari 143
279–288 dari 1.427
| 07.18 | ing karsane rayi nara sakatêlu | andhèrèk kang raka sami | ya ta lamun wadon punjul | ayu rupane tur [[f. 26r]] sakti | boya tuk sihe Yang Manon || |
| 07.19 | aglis mitar mangke kawarnaa wau | dèn sêrang têngahe baris | angidêk-idêk wong turu | wênèh turune alinggih | sarwi ngadhêpi cêcêpon || |
| 07.20 | lagi mangan kasirêp anulya turu | sêkule maksih ing pipi | ngame lan kaburu turu | dening wong kang lagi ngising | turune maksih jêjêngku |[1]| |
| 07.21 | kagowokan[2] sakèhing kang won turu |[3] Selarasa ningali |[4] digapare adharudhut | sampun angliwati baris | kang rayi katiga gawok || |
| 07.22 | nulya nyêgat Ki Selarasa mring ngayun | matur dhatêng raka kalih | kakang kula amit wangsul | kang turu kawula tangi | mangkin kula lawan guco[5] || |
| 07.23 | sampun tumut paduka kalih di dipun | mangke kawula kêmbari | saking panas atiningsun | katuwone ratu kapir | parentahe kaya bêgok || |
| 07.24 | kawulane sêkabèhe padha mêsum | têka nêmbah ing wong kapir | Asêlame arah-uruh | angur kawula amuke |[6] Selagănda muwus alon || |
| 07.25 | aja gusti Selarasa aris muwus | apa bêcike yèn uwis | kacêkêla kita iku | tan wande kita ngêmasi | angur aja lunga sing gon || |
| 07.26 | Selarasa amaksa tumulya wangsul | sakèh wong turu dèn tangi | ya aja balubuh |[7] dèn dhupakana dèn bithi | sawênèh dèn oyog-ayok[8] [[f. 26v]: o...yog-ayok] || |
| 07.27 | lah tangia têka sira dèn aturu | kaborosan sira iki | dipun colok matanipun | srapandene nora tangi | eca maksih dènnya ngarok[9] || |
28–29 dari 143
| 1 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
| 2 | kagawokan. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: kagawokan sakèhing kang awon turu. (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: Selarasa aningali. (kembali) |
| 5 | Variasi: goco (dan di tempat lain). (kembali) |
| 6 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
| 7 | Kurang dua suku kata: ya aja padha balubuh. (kembali) |
| 8 | oyog-oyog. (kembali) |
| 9 | ngorok (dan di tempat lain). (kembali) |