Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 40
29 dari 143
281–290 dari 1.427
07.20 lagi mangan kasirêp anulya turu | sêkule maksih ing pipi | ngame lan kaburu turu | dening wong kang lagi ngising | turune maksih jêjêngku |[1]|
07.21 kagowokan[2] sakèhing kang won turu |[3] Selarasa ningali |[4] digapare adharudhut | sampun angliwati baris | kang rayi katiga gawok ||
07.22 nulya nyêgat Ki Selarasa mring ngayun | matur dhatêng raka kalih | kakang kula amit wangsul | kang turu kawula tangi | mangkin kula lawan guco[5] ||
07.23 sampun tumut paduka kalih di dipun | mangke kawula kêmbari | saking panas atiningsun | katuwone ratu kapir | parentahe kaya bêgok ||
07.24 kawulane sêkabèhe padha mêsum | têka nêmbah ing wong kapir | Asêlame arah-uruh | angur kawula amuke |[6] Selagănda muwus alon ||
07.25 aja gusti Selarasa aris muwus | apa bêcike yèn uwis | kacêkêla kita iku | tan wande kita ngêmasi | angur aja lunga sing gon ||
07.26 Selarasa amaksa tumulya wangsul | sakèh wong turu dèn tangi | ya aja balubuh |[7] dèn dhupakana dèn bithi | sawênèh dèn oyog-ayok[8] [[f. 26v]: o...yog-ayok] ||
07.27 lah tangia têka sira dèn aturu | kaborosan sira iki | dipun colok matanipun | srapandene nora tangi | eca maksih dènnya ngarok[9] ||
07.28 Selasyara arine tansah dèn uwuh | wus sêdhêng sêmono yayi | marenea yayi uwus | angulunga gêlis-gêlis | payo sawadine adoh ||
07.29 Selarasa lunga sambi ri amuwus | ratune kakang ing bijing | sun malingane yèn turu | sun tigas murdane bejing[10] | sun sirêp kaya mangkono ||
29 dari 143

 


Biasanya guru lagu o. (kembali)
kagawokan. (kembali)
Kurang satu suku kata: kagawokan sakèhing kang awon turu. (kembali)
Kurang satu suku kata: Selarasa aningali. (kembali)
Variasi: goco (dan di tempat lain). (kembali)
Biasanya guru lagu i. (kembali)
Kurang dua suku kata: ya aja padha balubuh. (kembali)
oyog-oyog. (kembali)
ngorok (dan di tempat lain). (kembali)
10 benjing. (kembali)