Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7–8 dari 40
30 dari 143
291–300 dari 1.427
07.30 sêsirêpe kakang êmbok ika mau | ing kawula wus kaati | Selagănda aris muwus | aja gawe tikah yayi | lagi apa kita mangko ||
07.31 durung karuwan sêsirêpe dèn gunggung | Selarasa nauri |[1] gih puniku nyatanipun | malih sun gugah tan tangi | maksih turu ting kalojor ||
07.32 kawuwusa kang kêmit anèng dêlanggung | bang-bang wetan padha tangi | kathah angrasa kagêtun[2] | dening turune kapati | rame amicorèng cewok ||
07.33 punggawane kajinêman tangi turu | lungguhe ababar lampit | pinarêk ing kancanipun | samya awas aningali | punapa nèng bathuk katon ||
07.34 sapa sitên[3] kiyai nêrat puniku | bathuk andika kiyai | sigra anulya amuwus | wacanên dèn parêk mami | yèn araa [[f. 27r]] si kaliwon ||
07.35 ingkang wani-wani nulis bathuk ingsun | tanbuh lakune si bêlis | kaliwone nora ngaku | muga gondhok muga kithing | muga busung muga cekot ||
07.36 wus winaca wau dening kanconipun[4] | kunêng unine kang tulis | dènira padha balubuh | pèngêt iki surat mami | Selarasa araning wong ||
07.37 wong sakawan ingsun saking desa Mundhu | lunganingsun kapatèn istri |[5] Ki Lubama ingkang sunu | susulên yèn sira wani | kêmbulana wong sêmono ||
07.38 amiyarsa sêdaya ing wuwusipun | talingan anglir sinêbit | lah susulên lare iku | aja wêdi salin dhing[6] |[7] pupuh rarasdriya ngantos ||
8. Mijil
08.01 tan adangu sinusul tumuli | ingkang wau los |[8] tiyang kawan dasa rèrèhane | dèn baikakên[9] dumèh wong kêdhik | pira ta wong siji | măngsa tan kasusul ||
30 dari 143

 


Kurang satu suku kata: Selarasa anauri. (kembali)
Variasi: agêtun (dan di tempat lain). (kembali)
sintên. (kembali)
kancanipun. (kembali)
Lebih satu suku kata: lunga sun kapatèn istri. (kembali)
gêndhing. (kembali)
Kurang satu suku kata: aja wêdi salin gêndhing. (kembali)
Kurang satu suku kata: ingkang wau lolos. (kembali)
baèkakên. (kembali)