Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
7–8 dari 40
30–31 dari 143
294–303 dari 1.427
| 07.33 | punggawane kajinêman tangi turu | lungguhe ababar lampit | pinarêk ing kancanipun | samya awas aningali | punapa nèng bathuk katon || |
| 07.34 | sapa sitên[1] kiyai nêrat puniku | bathuk andika kiyai | sigra anulya amuwus | wacanên dèn parêk mami | yèn araa [[f. 27r]] si kaliwon || |
| 07.35 | ingkang wani-wani nulis bathuk ingsun | tanbuh lakune si bêlis | kaliwone nora ngaku | muga gondhok muga kithing | muga busung muga cekot || |
| 07.36 | wus winaca wau dening kanconipun[2] | kunêng unine kang tulis | dènira padha balubuh | pèngêt iki surat mami | Selarasa araning wong || |
| 07.37 | wong sakawan ingsun saking desa Mundhu | lunganingsun kapatèn istri |[3] Ki Lubama ingkang sunu | susulên yèn sira wani | kêmbulana wong sêmono || |
| 07.38 | amiyarsa sêdaya ing wuwusipun | talingan anglir sinêbit | lah susulên lare iku | aja wêdi salin dhing[4] |[5] pupuh rarasdriya ngantos || |
| 8. Mijil | |
| 08.01 | tan adangu sinusul tumuli | ingkang wau los |[6] tiyang kawan dasa rèrèhane | dèn baikakên[7] dumèh wong kêdhik | pira ta wong siji | măngsa tan kasusul || |
| 08.02 | asurak-surak samargi-margi | kang kampa[8] mangko |[9] Selarasa wau ing lampahe | lan kang raga[10] katiga miranti | yèn baris nututi | syaraning gumuruh || |
| 08.03 | Selasyara angling ingkang rayi | yayi nara goroh | kayèngapa ing mangke akale | wus dèn kêpung wakul dèn idêri | Rumsari nukêmi | adhuh ariningsun || |
| 08.04 | yèn ing mêngko ara wurung mati | salah siji lamon | kacêkêla [[f. 27v]: kacêkê...la] siji bela kabèh | Selarasa wuwuse amanis | lah ta dika iki | dèn gancang lumayu || |
30–31 dari 143
| 1 | sintên. (kembali) |
| 2 | kancanipun. (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata: lunga sun kapatèn istri. (kembali) |
| 4 | gêndhing. (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata: aja wêdi salin gêndhing. (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata: ingkang wau lolos. (kembali) |
| 7 | baèkakên. (kembali) |
| 8 | kampita. (kembali) |
| 9 | Kurang satu suku kata: kang kampita mangko. (kembali) |
| 10 | raka. (kembali) |