Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7–8 dari 40
30–31 dari 143
299–308 dari 1.427
07.38 amiyarsa sêdaya ing wuwusipun | talingan anglir sinêbit | lah susulên lare iku | aja wêdi salin dhing[1] |[2] pupuh rarasdriya ngantos ||
8. Mijil
08.01 tan adangu sinusul tumuli | ingkang wau los |[3] tiyang kawan dasa rèrèhane | dèn baikakên[4] dumèh wong kêdhik | pira ta wong siji | măngsa tan kasusul ||
08.02 asurak-surak samargi-margi | kang kampa[5] mangko |[6] Selarasa wau ing lampahe | lan kang raga[7] katiga miranti | yèn baris nututi | syaraning gumuruh ||
08.03 Selasyara angling ingkang rayi | yayi nara goroh | kayèngapa ing mangke akale | wus dèn kêpung wakul dèn idêri | Rumsari nukêmi | adhuh ariningsun ||
08.04 yèn ing mêngko ara wurung mati | salah siji lamon | kacêkêla [[f. 27v]: kacêkê...la] siji bela kabèh | Selarasa wuwuse amanis | lah ta dika iki | dèn gancang lumayu ||
08.05 mangidula kakang dèn lalis |[8] bêktanên kangêbok[9] | dêdimèning kula kang alèdhèk | sampun dening wong kêkalih |[10] Selagănda angling | bênêr yayi payo |[11]|
08.06 kang raka lilah dèn padha bêcik | aja pati adoh | Selagănda aris ing wuwuse | yayi apa mangke kang nardi |[12] gêgamaning jurit | lăngka bata watu ||
08.07 Selarasa mangkya anauri | gêgitik kimawon | dyan sinurak-surak ing wong akèh | ana ingkang aciwis[13] têtali | sing marang dèn gitik | ngamuk lan papêndhung[14] ||
08.08 ana ingkang nêrajang sing wuri | Selagănda dèn byok | tan wuningan wau ing wurine | Selarasa nêrajang nêmpiling | sing mara dèn gatik[15] | kundur ingkang ngêpung [[f. 28r]] ||
08.09 Selagănda èngêt kang nèng wuri | ing sanake karo | pan mêlajêng dèn apriksa gone | tan katingal nyanane wus têbih | cêngkelak abalik | dhatêng arinipun ||
30–31 dari 143

 


gêndhing. (kembali)
Kurang satu suku kata: aja wêdi salin gêndhing. (kembali)
Kurang satu suku kata: ingkang wau lolos. (kembali)
baèkakên. (kembali)
kampita. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang kampita mangko. (kembali)
raka. (kembali)
Kurang satu suku kata: mangidula kakang dèn alalis. (kembali)
kangêmbok. (kembali)
10 Kurang dua suku kata: sampun dening ingkang wong kêkalih. (kembali)
11 Biasanya guru lagu u. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: yayi apa mangke kang kinardi. (kembali)
13 acawis. (kembali)
14 papênthung. (kembali)
15 gitik. (kembali)