Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 40
27–28 dari 143
266–275 dari 1.427
07.05 nanging ana yayi alèh ingsun guru | pêrantine wong mêmaling | sêsirêp karangdhan[1] iku | arane pan luwih mandi | sun cacake padha mêngko ||
07.06 pan wus idhêp padha ingsun yèn ayun |[2] anglêkasakên tumuli | angraup lêmah karuhun | dèn sawur kanan lan kèri | ping tiga sun cacak mangko ||
07.07 Sela[3] angambêng ing wuwusipun |[4] kakang êmbok botên mandi | muwuhi galaking musuh | uninga lamon wong èstri | saparan kita dèn sêrot ||
07.08 kawarnaa palahe[5] kang lagi sugur[6] | tansah kasukan ing latri | ngarêbab ana nyalêmpung | kang mêmaca dèn êgongi | papêndhil kinarya êgong ||
07.09 wong kang udut damare tansah dèn rubung | sêsagokan ganti-ganti | Selarasa aris muwus | kaparèpun kita iki | sing pundi dêdalan lolos ||
07.10 yèn mêksaa disêrang botên wurung |[7] kacêkêl dika puniki | kang raka kalih amuwus [[f. 25v]: amu...wus] | lah yèn ora yayi balih | Rumsari aturira lon ||
07.11 wus ta yayi padha mênênga karuhun | Ni Rumsari mara dhingin | sigra ngambil lêmah sampun | amatêk sêsirêp aglis | ngadêk sukune kang wiyos ||
07.12 kang sawiji sikil tumupang[8] ing pupu | nulya abalang lan siti | sampun ping kalih angutus | ana nyapa wong sawiji | sapa angadêg ing kono ||
07.13 ya ta kagèt bature padha sumaur | ana uwong saking ngêndi | ana ing bing kono mau | mudhuk-muke[9] mariki |[10] lah iku sih apa katon ||
07.14 wong sakawan batur kathahe wong iku | padha dèn angati-ati | iku wong arêp marêjul | batur cêgatên dèn aglis | Rumsari mara angêlojok |[11]|
27–28 dari 143

 


karandhan. (kembali)
Kurang satu suku kata: pan wus idhêp padha ingsun yèn ta ayun. (kembali)
Selarasa. (kembali)
Kurang dua suku kata: Selarasa angambêng ing wuwusipun. (kembali)
polahe. (kembali)
tugur. (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn mêksaa dipun sêrang botên wurung. (kembali)
tumumpang. (kembali)
mundhuk-mundhuke. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: mudhuk-mudhuke mariki. (kembali)
11 Lebih satu suku kata: Rumsari mara anglojok. (kembali)